Nyai Ratu Kidul

KANGGONE  kita wong Nusantara mligine nggo wong sing manggon neng pulo-pulo Jawa, Madura, Bali meng ngetan terus gutul Nusa Tenggara Timur utawa NTT lan Timor Timur legenda utawa dongeng babagan Nyai Ratu Kidul kuwe wis ora aneh maning. Kayane kabeh wong mligine wong sing manggon neng pesisir kidul pulo Jawa wis ora perlu nguyahi maning, kit bocah gutul kaki-kaki nini-nini wis ngerti sapa kuwe Nyai Ratu Kidul.
Kit jaman kuna lereng, nganti jaman pemerintahan Bung Karno gutul jaman modern siki, ya egin ana baen wong sing ngandel maring gugon tuhon kuwe. Dhong jaman kuna lereng, jaman madege kraton Mataram depercaya lamona Sutawijaya ya sering temon karo Nyai Ratu Kidul neng Parangkusumo pesisir Parangtritis. Jaman inyong bocah ya manut baen decritani neng nini Mad, jere angger kali Pelus banjir bandhang, nggawa umah utawa kewan, kuwe jere Nyai Ratu Kidul lagi mantu. Tahun sewidakan hotel-hotel modern sing debangun jaman Bung Karno hotel Sanur Beach Bali, hotel Samudera Pelabuhan Ratu jerene ya nyediani senthong mligi nggo Nyai Ratu KIdul. Mung anehe dhonghotel Sanur Beach Bali kobongan, senthonge Nyai Ratu KIdul kuwe wutuh ora melu kobong, merga saben dina malem Jemuah Kliwon senthong kuwe desogi sajen.
Angger ndeleng kahanan sing kaya kuwe mau, terang lamona babagan Nyai Ratu Kidul kuwe apike aja dedeleng sekang gugon-tuhon sing akhire malah dadi nglanggar piwulang agama, ningen dedeleng sekang babagan budhaya, sing angger degarap sing temenanan bisa dadi daya tarik (atraksi) wisata sing cukup maen, kaya dene acara “Sedhekah Laut” sing deleksanakna neng masyarakat Cilacap utawa daerah pesisir liyane. Kanti anane acara “Sedhekah Laut” kuwe akeh wong njaba sing teka, sing kabeh mau duwe kebutuhan sing bisa desedhiakna neng masyarakat kono baen, kayata: panganan, omben, sajen utawa barang-barang liyane, sing tundhone ana kegiatan ekonomi kerakyatan.
Lha kegiatan budaya lokal sing teyeng nguripna kegiatan ekonomi kerakyatan kuwe sing neng BI Kantor Perwakilan Banyumas kepengin desengkuyung ben bisa lestari lan muga-muga teyeng ngunggahna kesejahteraan masyarakat. Sejan-jane esuk kuwe inyong karo kanca-batir dolan neng Kantor BI Purwokerto ya arep atur pelaporan merga inyong sekanca-batir kuwe tembe baenngleksanakna kerja bareng karo BI Purwokerto nganakna acara “Gelegar Budaya Banyumas Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat” (salah sijine budaya/sejarah Banyumas) neng kota Banyumas, lan Alhamdulillah wis rampung.
Neng jero ruang kerjane Kepala BI Kantor Perwakilan Puwokerto,  bapak Rahmat Hernowo bareng pak Joko Juniwarto (Staff BI Kantor Perwakilan Puwokerto) omong-omong kejaba babagan anane acara “Gelegar Budaya Banyumas Pengetan Jumenengan Adipati Mrapat” uga babagan budaya Banyumas, klebu babagan legenda Nyai Ratu Kidul, lan ora kelalen acara Jum’at Kliwon neng makam Dawuhan Banyumas.
Gutul maalah malem Jum’at Kliwon bareng karo Nyi Ratu Kidul inyong dadi nyemlong lamona ora mung angger malem Jemuah Kliwon thok inyong teyeng ketemuan karo Nyai Ratu kidule pak Buntoro (boss Rita), tapi meh saben bengi inyong ya teyeng ketemu. Midhanget kaya kuwe pak Rahmat Hernowo semu kaget lan ora patia ngandel, terus ndangu: “Sinten niku Yang?”.
Ben tambah penasaran pitakonan kuwe ora langsung tek wangsuli. Mbareng wis sewetara wektu tembe inyong semaur: “Nggih bojone kula .. Griyane kula kan teng kidule istanane pak Buntoro boss Rita. Dadi bojone kula, kanggene kula nggih .. nyai ratu kidule pak Buntoro …”. Krungu wansulan inyong kaya kuwe dadine sing neng jero ruang kuwe ya padha gemuyu …( Ir Sunardi, MT/05)

Wis demuat nang Harmas 20 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...