Kabeh Ngenteni Waledane Netes

TANGGALE  esih pertengahan soten, ningen warunge Biyunge Blokeng keton kebek wong sing padha becer. Bapane sing nembe bali Jemuahan, melu ngrewangi nimbang beras, mbuntel gula tekan naker lenga lentik.
‘’Yung kiye berase sing limolas kilo bayare ngenteni waledane netes,’’ ujare bidhan Titi.
‘’Dadi sing debayar, beceran liyane?’’ takone biyunge.
‘’Iya yung, kuwe bapane ngerti ikih wulan kiye toli pegawe olih waledan unggah-unggahan gajih,’’ jere bidhane maning.
‘’Inyong ya melu nyebrak gula jawa karo kecap. Panciunan soten jere ya melu  olih waledan,’’ jere guru Sikun.
‘’Man Tano ya ngenteni waledannetes?’’ takone biyunge .
‘’Biyunge aja ngece, inyong ora melu ngenteni waledan ningen ngenteni wesel sekang anaku,’’ jere Man Tano kambi ngebruk aken becerane kon deetung,
‘’Wis ngonoh padha utang, asal angger wis tanggale aja mleset. Mengko warunge biyunge tutup,’’ jere bapane maring sing padha becer.
‘’Ora usah kewatir bapane, aben wulan biasa nyebrak ikih,’’ omonge  guru Sikun kambi mesam mesem.
Gegoh arep ana bayaran undhak-undhakan gajih wis gutul mendi ora. Neng banyu kinclong undhak-undhakan aaawit wulan siji gutul wulan enem debayar neng wulan wolu. Jere akeh-akehe wong siji mundhake ngasi rong atus ewu sewulan.
‘’Sejuta rong atus ewu apa ora kena nggo agan kurban?’’ jere Yu Sarni ngarep-arep.
‘’Lha wong se kabupaten bae ngasi meh seket milyar nggo undhak-undhakan gaji thok,’’ jere bapane weruh nang koran.
‘’Biyunge mbok melu kesawaban, dagangane dadi laris,’’ ujare Guru Sikun.
‘’Ya kanjat, senajan esih wujud cathetan. Ningen jere warung angger ora olih deutangi ya ora rame,’’ semaure biyunge.
‘’Jenenge wong dagang ya kudu kuat pawitane. Paling ora tikel telu sekang dagangan sing deswandhing,’’ Man  Tano melu nylemong.
‘’Ya dongakna bae, warunge bisa ngewulani rika padha,’’ ujare bapane kambi ningkesi barang dagangane.
Serambuhan wong sing becer padha bali, teka serambuhan maning. Ana sih sing padha bayar lunas, ningen angger pegawe akeh-akehe ya padha nyebrang dhisit. Kabeh kudu delayani kanthi sabar, senajan bayarane mundur.
Apamaning siki  rega barang-barang kebutuhan mundhak kabeh. Beras, ndog ayam  tekan bumbon pesasate mundhak kabeh. Angger pegawe sing padha arep olih waledan tah ora krasa. Ningen buruh kaya bapane krasa pisan, merga bayaran ngodhe ajeg bae.
‘’Padha seneng sing dadi pegawe negri. Penginyongan anu buruh selipan mesine jalan esih kesuwun bisa setunan senajan ajeg bae,’’ ujare Kang Rowes.
‘’Ora dhewekan ikih kang, inyong anu ndhudhuh malah ngenteni gedhang apa gandhul tuwa nembe olih dhuwit,’’ ujare Man Tano.
Bapane mung mesem krungu sing tuku padha ngresulah. Wong cilik angger ngudarasa akeh-akehe malah nang warunge biyunge. Mangkane wong cilika ya duwe wakil neng gedhong DPRD. Moga-moga bae, Kang Wakil padha krungu jeritane wong cilik neng ndesa-ndesa. (05)

Wis demuat nang Harmas 20 Agustus 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...