Jaman Kayu, Latung, Gas, Wong Padha Nggragas

KAHANAN nang jaman repormasi urung nyenengna, esih akeh warga masrakat sing kesrakat lan kerangla nang babagan ekonomi, kesehatan, sosial lan pendidikan. Bengsin lan solar munggah sekayange, angger BBM kiye munggah marakna rega-rega sembako lan jasa uga nututi, larange pol lan ora bakal mudhun maning. Lha ..... kahanan sing kaya kiye marakna pasar nang kota apamaning nang desa gemrungsung, gemrenggeng reang wong dol tinuku barang lan sembako, si bakul rumangsa kulake wis larang mula adole uga kudu bathi, sing tuku njaluke rega murah wong dhuwite ya pas-pasan.
Mula ora aneh angger regejekan lan engkel-engkelan keprungu saben dinane, sing tuku lombok kambi brambang padha reang, siki tuku tempe kambi tahu padha muncu-muncu, sing tuku beras kayong memelas, sing tuku iwak padha mrakabak, sing tuku daging padha mrindhing, sing tuku gula kayong padha gela kabeh padha ngarah benere dhewek.
Kuwe angger dol tinuku babagan pangan, kahanan nang babagan sandhang nang pasar utawa toko ora bedha reange, sing arep tuku sarung padha wurung, sing arep tuku kathok padha mlorok kabeh mau dhuwite cumpen wekasane mlayu maring bakul klambi rombengan sing regane miring senajan lungsuran.
Miturut etungan othak athik gathuk, Indonesia lan rakyate wis nglakoni lan agi nglakoni telung (3) jaman. Tahun 1945 nganti taun 1970-an jeremonge rakyat akeh-akehe angger masak/olah-olah nganggo Kwong cilik “Senajan rekasa esih bisa ngguyu” wong seneng nembe merdhika negarane esih langka lenga latung apamaning gas. Lha .... bareng mlebu taun 1971-an nganti taun 2000 wis mandan maju goli olah-olah / masak nganggo lenga latung, ningen wis klakon nang periode taun kuwe kahanan mulai rekasa jeremonge resesi, dolar larang marakna apa-apa larang mula kewentar jaman “Larange ora Etung” (Latung), akeh rakyat kurang gizi, regan-regan larang, akeh prenyakit.
Mlebu taun 2000 ngosi dina siki  wis akeh brayat gole olah-olah utawa masak nganggo kompor gas, malah dejatah gratis sekang pemrentah lengkap kompor lan wadhah gase.
Lha ..... kasunyatan nang jaman gas marakna wong uripe padha gas-gasan nggragas, akeh wong/pejabat/swasta/pamong padha korupsi, ngrampok, mbegal, gentho, nyolong iwak segara, dol tinuku narkoba, nyulik bayi, perkosaan ora nang ndesa ora nang kota.
Ayu, kuwe ngemu surasa lamona jaman kuwe, utamane Lha .... kuwe mung othak-athik gathuk ningen koh ana benere, jaman merdhika ketes-ketes ana perang Landa mlebu maning maring Indonesia kambi sekutune, desambung ana pemberontakan PKI, ana jaman resesi ngosi pemrentahan Pak Harto lengser mlebu jaman repormasi ..... jeremonge mandan lumangyan. Ningen bareng akeh dhuwit negara lan gentho-gentho, akeh pejabat Bupati, Walikota, Gubernur, Mentri, anggota DPR-DPRD mlebu mbui.
Sing lewih miris maning Indonesia jeremonge “sorgane” narkoba, mula akeh bandhar narkoba depidhana mati nang Nusakambangan, ya sebabe mau uripe gas-gasan nggragas kepenginan olih dhuwit akeh, uripe kepenak mula padha dol tinuku narkoba.
Moga-moga bae nang taun 2015 kiye senajan BBM munggah mudhun, regan larang ningen aja kepincut nglakoni tumindhak sing nyleweng, kudhu eling lan waspada. Malah ana guyon lamona cekakan BBM kuwe “Benar Benar Menyengsarakan”, ningen inyong rika kabeh precaya maring pemrentah sing agi njabat moga-    moga ing tembe mburi ana rejaning jaman.... regan stabil,
nyekolahna bocah gampang, lungan ongkose murah, mertamba gratis....ya ndonga bae Indonesia ayem tentrem kerta raharja. Klilan (Bambang S Purwoko/08) 

Wis demuat nang Harmas 9 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...