Parcel nggo Sing Lewih Mlarat lan Cilik


BADA wis liwat pirang dina, ningen esih ana sing gendhu-gendhu rasa plekara parcel. Mergane saben ulih punjungan parcel Nini Tarsim pamer. Nini Riwen bakul  warung janganan ngosi apal sapa sing wis munjung lan durung. Jaragan wong wadon, apa sing derungu Nini Riwen decritakna maring sing becer. Dadi kaya gethok tular.
“Ni, wis kebayang. Bada taun kiye nyong senenge pol,” omonge Nini Tarsim kambi mbayar gedhang kapok kuning seepek. “Parcele bisa nggo delengan sing teka pur-puran. Mesthi arep padha mbatin,  hebat ya Kaki Tarsim, bada kiye parcele ngeadhug-adhug. Hihihihi...”
“Amin.. “ omonge Nini Riwen.
Nini Tarsim ora agi umuk. Wulan puasa taun kiye sing  munjung parcel pancen ndlilir ora mandheg-mandheg. Magane Kaki Tarsim dudu pejabat. Merga dudu pejabat, sing jelas parcele ora sekang pemborong.
**
“Jane pegaweane Kaki Tarsim apa?” ana  wong wadon agi becer takon aring Nini Riwen.
“Swasta.”
“Dudu pejabat koh punjungan parcele ndlilir ya, Ni?”
Sartinem sing uga agi becer neng warunge Nini Riwen senguja ora melu ngrasani Nini Tarsim, ketimbang puasane batal. Ningen mbasa bali ngumah ora kuat nahan ngrasani. Rikala wis buka dheweke takon aring Daro’i bojone.  “Kang, mau esuk neng warunge Nini Riwen padha ngrasani Nini Tarsim.”
“Ngrasani apa, Nem?”
“Ngrasani Nini Tarsim pamer ulih punjungan parcel akeh. Miturut njenengan priwe, Kang?”
“Gyeh... saben paweweh, mbuh kuwe dhuit, barang utawa parcel biasane ana pamrieh. Pemborong aweh parcel lebaran aring pejabat pemrentah mbok menawa konsupaya tendere demenangna lan segala urusane delancarna. Pejabat aweh parcel aring pejabat sing lewih dhuwur kedudukane mbok menawa konsupaya kedudukane deundhakna, paling ora kedudukane sing wis kepenak ora kegeser.”
“Tapi Kaki Tarsim dudu pejabat, Kang! Lha parcele sekang sapa? Ngesuk nyong arep nempur beras sisan arep takon aring Nini Riwen sapa bae sing munjung parcel maring Kaki Tarsim. Ah.. siki bae nyong tek nganah.”
Ora let suwe Sartinem wis balik nempur.
Bojone ora sranta nakoni. “Sekang sapa bae punjungan parcele, Nem?”
“Jere sekang babah-babah sing duwe toko lan pabrit. Jere konsupaya usahane delindhungi neng Kaki Tarsim, konsupaya aman ora nana sing nganggu. Lha ngger kaya kuwe Kaki Tarsimjebule Gali utawane Preman ya, Kang? Njenenengan bangga ora, angger akeh sing munjung parcel Lebaran?”
“Kebanggane wong beda-beda Nem. Kebanggane Nini Tarsim angger sing munjung parcel Lebaran ngadhug-adhug. Kebanggane para pejabat pemrentah, angger akeh pejabat sing lewih endhep lan anak buah kantore akeh sing munjung . Nyong tah ora bangga  angger ulih punjungan parcel lebaran akeh. Salah-salah palah dearani Gali utawa Preman hehehehe.
“Amrih apike, parcel nggo sing lewih cilik lan mlarat ya, Kang?”
“Ya iya. Sing bener palah Pak Bupati sing aweh parcel Lebaran aring pemborong, merga wis mbangunna proyek inprastruktur, lan aweh aring boss pabrit, hotel, restoran,  merga wis aweh pajek nggo nambah-nambaih PAD. Lebaran bisa dadi  ajang kesuwune Pemrentah aring para pelaku usaha. Ningen angger munjunge padha kewolak-walik aja gumun, neng Indonesia tulih kulina serba kewolak-walik.” (Hari Widiyanto/08)



Wis demuat nang Harmas 23 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...