Kepengin Menclas Gulune Bandar

ORA kaya biasane, polahe Man Tano dina kuwe keton nganeh-anehi pisan. Biasane angger mangkat dhudhuan nyambi ura-ura, ketemu sapa bae mesthi aruh-aruh. Ningen esuk wingi, nyekel gaman kambi ngromed: ‘’Brantas togel, gawe sengsara masrakat. Tek penclas gulumu bandar.....’’
Ngomong kaya kuwe kambi ngobat-abitken gamane maring tanduran sedawane dalan. ‘’Babah Simbing aja umpetan bae mayuh metu ngeneh,masa ora pothola gulune’’ ujare egin ngromed.
‘’Babah Simbing, Simbing  sapa deneng kayong gething temen,’’ takone Bapane Blokeng  kambi gedheg-gedheg weruh polahe Tano sing ora lumrah kuwe. Wong sing padha agep mangkat sawah uga gumun. Ningen padha ora wani takon mbok ora kebenaran. Rumangsa cedhek, bapane banjutan alok.
''Jane lagi kesambet apa Tano? Nggawa gaman medeni wong sedesa!.''
''Bapane, kiye inyong lagi ketiwasan,'' jere Tano kambi mlaku wis ndhingkluk.
''Ketiwasan kepriwe, bojone mriang apa kepriwe?'' takone bapane maning.
Tano banjutan mampir umahe Bapane Blokeng. Biyunge age-age nggawekaken wedang clebek nggo nyuguh. Blokeng sing kepengin krungu critane Tano,  reka-reka ngelapi pite bapane. Bosa wis nyruput wedang, Tano waleh lamona nembe kalah masang nomer buntutan sing ketelah togel.
Dhuwit satus ewu agep nggo agan tuku winih karo pupuk depasangaken togel kabeh. Ing ndhalem pikirane, dhuwit semono angger nomer togele nembus dadi Rp 6 juta kena nggo tuku montor blusuran utawa bekasan.
Biyunge melu cincing-cincing medhegel pisan krungu critane Tano.
''Mbok egin waras, dhuwit winih koh nggo pasang togel kuwe kepriwe larah-larahe,'' jere biyunge semu maido.
''Wong wingi ana ramalan sing manteb pisan, aku ya manut,'' ujare Tano wis mandan aso.
''Ramalane mbah Jugo apa,'' takone Blokeng.
Tano banjur crita dong dina Selasa ketemu Kaki Gutho neng angkruk desa. Jere lagi duwe nomer sing jos, mesti akeh metune. Jere Gutho, angger kepengin sugih dhuwit pira bae, depasangaken maring dheweke sing ideran buntutan togel.
Gutho ngomong lamona neng ril sepur Sampyuh ana watu gedhe ketabrak loko, pecahane mbandhem umahe bandar sing manggon nang pinggir  ril.
‘’Bandar sapa maning kuwe, wong se Sampyuh karo Tombak anu wis padha insap. Bandare kukud ora dodolan maning,’’ ujare Guru Sikun sing mampir warung.
Jere Gutho, rong angka nomer sepur sing nabrak watu  depasangi bae toli mesti olihe. Apa maning watune ngenani umahe bandare. Tegese bandare agep kalah.
''Banjutan rika manut bae?'' takone bapane.
''Inyong ngrindhik  gutul Sampyuh takon maring tukang palang pintu,loko sing nabrak watu nomere pira'' critane Tano. Nomer sepur sing nabrak watu jere BB 7476. Karepe Gutho rong angka mburi depasangi wolak-walik ben ora geseng. Tano kon pasang nomer 76 karo 67 seket ewuan, bisa olih telung juta.
Ningen Tano kepengine senomer bae, yakuwe 76 ben olih nem juta. Jam 12 mbengi pengumuman neng agen, sing metu 67. Tano meh bae nggludhag angger ora decekeli batire. Gole ngajog ora uwis-uwis nomer sing depasangi mleset.
''Lha siki duwitmu kontal, montore ora kecandhak agep kepriwe tanduranmu jajal?'' takone bapane maning.
''Ya ngeneh deutangi bapane, apa enggane arep mangsan udan dhudhuane agep dejor klowor,'' jere Tano kambi ngedheng.
Bapane  ora tegel, dhuwit atusan ewu seler deulungna Tano. Janjine agep debalekaken angger Tano olih kiriman sekang anake mbarep. Tano pamitan, gamane ora mobat mabit maning maning, ningen depanggul pundhak. Sedawan-dawan ura-ura kaya biasane.
Bapane  ngomongi Blokeng aja ngasi ngimpi olih dhuwit sekang togel. Wis pirang-pirang wong sing padha keblinger nomer buntutan, pog-pogane padha ketiwasan dhuwite jablas ora olih apa-apa.
Mulane bapane ngarep-arep togel sing mulai thukul maning kudu cepet debrantas. Mumpung warga masrakat urung padha kecanduan maning. Jaman siki nggolet dhuwit rekasa, apa enggane arep deentongna nggo tuku impen? Mangga Pak Kapolres kalih Pak Kapolsek sami delalar. Niku griyaane bandar Sampyuh. Angger mrangguli decepeng mawon bandare ben kapok. **

Wis demuat nang Harmas 27 Agustus 2015


0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...