Friday 9 October 2015

Cukuran Bocah Rambut Gembel


ABEN taun nang Banjarnegara ana tradisi sing dadi burone wartawan, tukang poto, karo tukang dolan. Yakui tradisi cukuran bocah-bocah sing rambute gembel. Udu gembel gara-gara ora tau adus ningen jerene anu kenang sibat titisane kyai Kolodete.
 Nah nang tahun siki, acara cukuran kue garep dianakna nang wulan Agustus ngesuk nang Dieng. Jerene pemrentah acara cukuran kue didadekna tutugane Dieng Culture Festival sing wis demulai tau 2010 mbien.
Siki, acara kue wis dienten-enteni atusan ewu wong. Akeh sing nembe weruh sekang tivi apa berita pengin weruh dewek, ana juga sing mbien wis tau nonton terus pengin nonton maning, amarga kesengsem.
Jerene pemrentah, gembel kue urung genah anu kenang apa, sing jelas udu gara-gara ora tau adus. Ningen biasane bocah sing garep nggimbal rambute wengine mriyang panas karo ngelindur nggone turu. Arep digawa meng dokter apa meng dukun, ora bakal mari jerene Slamet, wong Dieng. Panase jerene mudun dewek angger rambute wis mulai nggimbal.
Rambut kue angger dipaksa dicukur, marakna bocahe mriang terus bakalan thikil maning gembele. Mulane kudu ana rituale sing wis ana kawit jaman ngganu. Biasane rituale dibarengna karo liane. Syarate, kabeh penjalukane bocah kudu dituruti, angger ora ya mubah duwit tok. Rituale biasane rong dina, ana napak tilase disit. Warga pada mlaku meng Candi Dwarawati, Candi Arjuna, Candi Gatotkaca, Candi Bima, sendang Maerokotjo, Tlaga Balekambang, Kawah Sikidang, komplek pertapaan Mandalasari, kali Kepek lan komplek kuburan Dieng bar kue nembe pada ndonga.
Ritual nyukur kie anu udu kepercayaan kaya agama ningen dadi tradisi sing wis ana kawit jaman mbahela nang Dieng. Critane rambut gembel kui ana kawit jamane Kyai Kolodete lan Nini Roro Ronce (leluhure Dieng). Gembel kue dianggap bala utawane pengnyakit. Makane sing rambute gembel kudu dicukur lan diruwat.
Ben genah, urutane diwiwiti sekang kirab.  Nang kirab kie ana pengawal utama, yakui sesepuh Cucuk Ing Ngayodya, sing nggawa dupa ana wong loro, nggo nolak bala, para bar kue ana prejurit sing nggawani tombak, keris lan pusaka liane, disusul ana wong loro sing nggawa kembang Cucuk Lampah.
Rombongan keloro yakui wong wong sing nggawani sesaji lan ubo rampe ne anak gimbal, bisa macem-macem tapi ora tau sing neko neko misale njaluk montor mabur utawane njaluk ketemu Obama.
Bar Kirab ana acara jamasan, yakui ngadusi bocah sing rambute gembel nang sendang Sedayu utawa sendang Maerokotjo, nang candi Arjuna. Banyune ditambahi kembang pitung werna terus banyune dijiot sekang daerah sekitare dieng. Tuk Bimalukar, tuk sendang Buana (kali Bana), tuk Kencen, Tuk Goa Sumur, kali Pepek lan tuk Sibido (tuk Pitu).
Bar kue bocahan nembe dicukur terus ana hiburan kesenian. Ora adoh sekang panggonan sing nggo nyukur, ana ngalap berkah sing jerene bisa nggawa berkah sing ngintil. Ujude selametan rebutan tumpeng . Oh ya, bar dicukur, rambut-rambut mau ora dibuang sembarangan, ningen dilarung nang telaga. (Dwiana Jati Setiaji, wartawan Harian Banyumas sing manggon nang Banjarnegara/08)








KETERANGAN FOTO: tradisi cukuran bocah-bocah sing rambute gembel aben taun nang Banjarnegara. Harmas/Dok


Wis demuat nang Harmas 9 Juli 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...