Tuesday 6 October 2015

Kali Kranji Siki Kebek Runtah


KALI  Kranji sing mili neng tengah Kota Purwokerto, siki dadi kandhang runtah. Wis bola bali masyaralkat padha kerja bakti neng kana. Kawit angogota  Komunitas Hijau Banyumas tekan anggota TNI sering padha kerja bhakti neng kali mau. Ing ndalem sedina bisa ngunggahaken runtah an- organik (sebangsa plastik sing ora bisa bosok) ngasi rong ton.
Kiye nggambaraken menungsa sing padha manggon neng sedawane kali mau, karepe umahe bersih, ningen runtahe gole mbuang asal ber. Kali dadi buangan runtah sing paling gampang. Runtah secikrak debuang kali, sedhela bae ya ilang. Ningen ewon cikrak sing debuang masrakat, sidane ngumpul neng bendungan ngasi ton-tonan.
Runtah mau bisa gawe kali dadi kotor,  nggo pengairan uga ora apik merga bisa ana bahan-bahan beracun neng sejrone banyu kali. Kanggo mandi cuci kakus (MCK) banyu kebek runtah uga ora apik kanggo kesehatan menungsa. Mulane budhaya mbuang runtah maring kali kudu diendheg.
Tujune bae esih ana aktivis lingkungan, mahasiswa karo LSM sing esih gelem peduli maring lingkungan. Liwat kerja bhakti , sisan kampanye ben masrakat padha eling lamona mbuwang runtah maring kali ora apik. Banjir uga bisa kedaden merga banyu bumpet neng runtah, kaya neng Kali Kranji kuwe.
Sapa maning angger dudu generasi muda sing wis kebukak atine sing bisa ngejek masrakat mkon peduli maring lingkungan. Komunitas Hijau Banyumas sing dadi pelopor kegiatan kerja bhakti bersih-bersih kali pancen gawe mongkog tur patut diacungi jempol. Ingatase bocah nom-noman dina Minggu milih kerja bakti karo masrakat kuwe jan wis langka tunggale.
Unsur masrakat karo mahasiswa wis padha gemregah gelem tandang gawe, bersih-bersih lingkungan. Ora ngrasa jijih ngecobrok meng kjali sing kotore ora ilok, malah banjutan ngeruki runtah sing wis ireng ndhetheng. Tindakan kuwe pantes didhukung ora nang pemrentah kabupaten thok, ningen inyong kabeh.
Ajang bersih-bersih kali, moga-moga bisa dadi mletike pedhuline masrakat maring kebersihan sing lagi debangun pemrentah daerah . Masrakat dadi tambah peduli maring kebersihan karo ngregani  kali sing dinggo masrakat dhewek. Embuh nggo MCK, irigasi utrawa kebutuhan liyane.
Urip sing bersih wis dadi kebutuhane masrakat modern. Bersih lingkungane, bersih awake, bersih atine, bersih sekabehane.  Budhaya urip bersih ora dhog-dhog ana, ningen kudu delatih awit cilik. Nang endi panggonan mbuang runtah, gawe jugangan utawa liwat pembuangan sing deanakaken neng paguyuban RT.
Mayuh padha biasa urip bersih, ben sehat, seger waras, dadi gole nyambut gawe uga semangat. Dhela maning mangsan udan, angger iline banyu kali lancar toli ora m ludag meng gili utawa gawe banjir! (dw/05)

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...