Monday 12 October 2015

Kudhi Gamane Wong Banyumas

Inyong egin kelingan. Jaman gemiyen, dhong inyong egin dadi bocah detukokna dolanan kudhi cilik. Kudhi cilik dudu kudhi-kudhian. Kudhi cilik kuwe ya pancen kudhi sing degawe sekang wesi, angger deasah ya kena nggo nyacag, tapi angger kudhi-kudhian kuwe barang dudu kudhi tapi wujude memper kudhi, bisa degawe sekang kayu, kaya kudhine Bawor neng wayang wong.
Kanggone wong desa, kudhi kuwe dudu barang aneh, wong neng dsa ya egin gampang nemoni wong nganggo utawa duwe kudhi. Beda karo neng kota apa maning neng daerah seliyane tlatah Banyumas, nggolet wong sing ngerti apa kuwe kudhi kayonge wis angel pisan nemune, mesthine kejabane neng pasar.
Akeh wong sing ngarani kudhi kuwe senjatane wong Banyumas. Sejatine kudhi kuwe dudu sejatane wong Banyumas, tapi salah sijin pedhama utawa alat kerjane wong Banyumas. Dene senjatane wong Banyumas kuna kuwe arupa penthungan, sing bisa degawe sekang penjalin, ruyung utawa galih asem, sing jaman siki penthungan kuwe degawe sekang karet, dadi pentungane pulisi utawa satpam. Dadi senjatane wong Banyumas kuwe ora mateni, mung nglumpuhaken, merga sing biasa depenthung (biasane maling) kuwe dudu sirahe ningen gares sikile.
Angger dedeleng sekang sejarah, kit jaman kuna makuna kudhi wis denggo nggo ala kerja neng masyarakat Jawa kit Jawa kulon gutul ngetan neng Jawa wetan, kanti sebutan sing beda-beda ningen wujude meh padha ya kuwe mblendhuk neng tengah, kaya wong wadon lagi meteng tuwa kae. Nganti seprene wong Banyumas egin nganggo kudhi nggo pedhama, senajan neng tlatah sejen wis langka sing nganggo kudhi kuwe.
Inyong egin kelingan, gemiyen dhong egin dadi nom-noman saben dina Ahad Pon inyong duwe tugas kon ngetutna paman Wiryani, ngrewangi met klapa neng kebon karo nengsawah. Inyong tugase ora kon menenk wit klapa, mung kon nuturi karo ngumpulna klapa-klapa sing depet neng man Wiryani. Man Wiryani kuwe tukang ngrumat wit klapa sing wis kondhang eng desa inyong (Pabuwaran). Gole ngreseki ya bersih, pinter milih klapa sing tuwa. Dene pedhamane man Wiryani kejaba andha, ya mung kudhi, ningen kudhine man Wiryani kuwe beda karo kudhine wong-wong liyane. Kepara lewih cilik, landhep merga saking awete lan sering deasah neng wungkal, dadi angger nggo menclas apa-apa kayong gampang pisan.
Kudhi sing kumplit, wujude ana 4 (patang) perangan yakuwe: gaman, garan, karah, karo kethoprak.
1.    Gaman, degawe saka wesi sing delapisi utawa desepuh waja ben angger deasah dadi landhep.  Bagian gigir utawa mburine lewih kandel ketimbang bagian ngarepe. Bbagian mburi kepara lewih lempeng ketimbang bagian ngarepe, sing ana blendhukan utawa lengkung karo lancip bagian pucuke, Bagian sing mblendhuk biansa nggo nyacag utawa nugel barang-barang sing kepara atos lan gedhe. Bagian sing lebkun neng ndhuwur blendhukan biasane nggo ngoyoti utawa ngirat barang-barang sing lemes (tali) dene bagian pucuk sing kepara madan lancip biasane nggo gaweni lubang utawa bolongan. Bagian mburi utawa gigire sing kepara lewih kandel kuwe biasa nggo nggethik utawa nuthuk barang sing atos ben pecah. Bagian gigi krpara nduwur cokan ana bolongan cilik sing ukurane beda-beda ngemu maksud kena nggo njongket (ngungkit) endhas paku. Bagian sekang gaman sing cilik lancip neng bagian ngisor jenenge paksi biasa nggo sambungan karo garane.
2.    Garan, degawe sekang kayu sing madan atos, degilig madan dawa maksude nggo cekelan. Ben ora lunyu cekelane biasane garan degawe ora polos, ningen degawe rigik-rigik alus. Paksi gaman detancepna maring garan kanti kenceng, ora gampang oklek angger nggo nyacak utawa nggethik.
3.    Ben garane ora gampang pecah merga deiseni paksi gaman, neng pucuk garan dewei karah sekang pipa wesi.
4.    Kethoprak kuwe wadhah kudhi, sing cakerise ya warangkane.  Kethoprak degawe saka kayu kaya blabag sepasang (rong lebar) degowaki gowakane deadhepna terus degandheng dadi siji (depaku). Kethoprak dewei tali nggo njiretna kethoprak kuwe neng beyekan, Angger degawa mlaku obahing kudhi nabraki kayune dadi moni kethoprak-kethoprak.
Kanti ndeleng kahanan sing kesebut ndhuwur kuwe, jelas lamona kudhi kuwe dudu senjata utawa alat perang, ningen arupa pedhama utawa alat kerja tradisinonal Banyumas sing serba-guna, nggo nggarap pegawean apa baen, kasar alus utawane gawe bolongan ya teyeng. (Ir Sunardi, MT, pengamat budahaya banyumasan)

Wis demuat neng Harmas 16 April 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...