METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

DOPOKAN

Obrolan gaya Banyumasan, mengangkat aneka ragam topik yang sedang hangat di masyarakat.

UJARE KANCA BATIR

Uneg-uneg pembaca Harmas melalui SMS.

GEGER MOWER

Berita-berita ringan yang dikemas dalam bahasa Banyumasan. Unik dan segar.

SENGGAK

Kritik atau sentilan dengan gaya menggelitik dalam format bahasa Banyumasan.

Monday, 12 October 2015

Dopokane Blarak, Bluluk, Bleketepe lan Blokeng

MENUNGSA sing urip nang alam donya kudu titen maring sasmita, sanepa, perlambang lan kawruh bab alam seisine klebu wit-witan, kewan, gunung, segara, langit lan bumi. Kiye ana crita bab wit klapa....ya wit klapa sing thukul nang endhi bae nang kota utawa ndesa. Ningen urung akeh wong sing ngerti istimewane wit klapa, ana perangan-perangan sing dadi sanepa lan ora saben wit kaya klapa kiye.
Jajal mayuh depetani perangan-perangan kuwe, angger klapa esih pentil dejenengi bluluk, godhonge arane blarak dadi siji kambi blukang wite sing kuat tur atos nggo bahan blandar, blarake nggo gawe bleketepe ningen angger menungsa semblothongan nyigar dawegan utawa klapa delumahaken bae nang pekarangan arane blokeng biasane nggo umah blatung, klapa tua sing deparud nggo lenga klentik jenenge blotong wit klapa sing nduwur uga nggo menclok blekok...
Menungsa uga ngalab berkahe wit klapa nggo keperluan urip angger deetung lewih sekang seket barang lan panganan sing asale sekang wit klapa ... ora percaya mayuh deetung sing terwaca, contone klapa gunane nggo santen, srundeng, lenga, obat-obatan, kosmetik lan esih akeh gunane. Janur sing kuning nggo gawe klontongan kupat, umbul-umbul, penjor, wadah panganan, wadah sajen. Janur sing tuwa nggo gawe bleketepe gelaran kaya klasa, gedheg, payon gubuk lan liyane.
Siki ngentung liyane kaya tepes nggo keset, tambang pongkor, lan liyane sing terhormat yakuwe nggo jok mobil mewah....jeremonge jok sekang tepes lewih sehat lan awet tinimbang bahan liyane. Ana maning gunane bathok...jan pirang-pirang kaya nggo siwur, irus, bekong, centhong, asbak lan liyane. Siki ngetung barang sekang sadha...ana sapu sadha, sindik sate, sindik ondhol, bithing, kranjang lan akeh maning. Jajal....wis pira kuwe, esih ana maning barang sekang wite....kaya blandhar, usuk, reng, tabag, saka, nggo brug lan liyane.
Sawijining dina perangan wit klapa padha dopokan ngetokna jasane dhewek-dhewek, Blarak ngomong “Angger ora nana inyong menungsa ora bisa gawe kupat, bleketepe, brongsong nangka, tabag, payon gubuk lan liyane”, ujare bangga pisan. Ganti klapa (wohe) nimbrung “Apamaning angger ora nana inyong, menungsa ora bakal bisa mangan srundeng, gebing, nyanten, masak gorengan, umben-umben klapa nom lan mentega”, Si Klapa ora kalah banggane angger ngedhirna jasane.
Dopokane klapa kambi janur keprungu si glugu, ora kalah banggane ngomong “Angger ora nana inyong ora bakalan menungsa gawe umah sing apik lan kuwat sebabe bisa nggo blandar, usuk, saka, reng, tabag, kudha-kudha, pengeret lan liyane”, ujare si glugu mantep banget ngagul-ngagulna awake dhewek.
Manggar utawa bakalan woh klapa krungu uga ngomong lamona angger ora nana inyong bakul dhawet, gado-gado, pecel, pabrit kecap lan panganan liyane ora bisa ngunakna bumbon sekang gula klapa sebabe nyong sing ngasilna gula klapa utawa gula jawa, omongane manggar ora kalah banggane kambi liyane.
“Lah ....ngonoh ngedirna jasane maring menungsa, siki sapa sing gelem kurban kaya inyong”, wit klapa sing esih meger-meger ngomong lamona wit klapa sing dhuwur dhewek nang pekarangan sing nggo tumbal desamber bledeg nggo mbentengi wit-witan lan umah menungsa, pancen bener wit klapa sing dedheg lan piyadhege dhuwur dhewek sering desamber bledeg....lah kuwe pengorbanane mula perangan liyane kaya bluluk, janur, woh klapa, blarak, glugu lan liyane aja sombong ngetokna jasane maring menungsa, angger wite kesamber bledeg kabeh geseng, mati lan glugune ora kena nggo gawe bahan bangunan....jeremonge ora ilok.
Siki tugase menungsa aja gawe rusak maring wit klapa, esih mincis-mincis wis derampal janur kuninge, padha dokoh mangan dawegane lan pondohe urung umur wite detegor. Ganu malah ana kewajiban calon penganten angger agep nikahan ana syarate kon nggawa cikal klapa seperlu detandhur nang pekarangane Klilan. (Bambang S Purwoko)

Wis demuat neng Harmas 9 April 2015

Kota Lawas Dadi Kecamatan Wisata Budhaya

SETAUN kepungkur, Dinas Pemuda Olah Raga
Kebudayaan dan Pariwisata (Dinporabudpar) arep nambah siji maning lokawisata anyar. Kota Lawas Banyumas neng taun 2015 arep debukak dadi Kecamatan Wisata Budhaya.

Kota Lawas  Banyumas arep detawakaken dadi pusat budhaya Banyumas tempo dulu. Pusat wisata kota lawas kuwe neng sekubenge Pendapa (duplikat) Si Panji Kecamatan Banyumas karo alun-alun kota lawas.
Jere ahli Tata Kota Ir Soenardi MT sing katelah Eyang Nardi, kanggo daya tarik kota lama, Pendapa duplikat Si Panji kudu direvitalisasi. Semana uga, Museum Wayang , dedakaken Museum Banyumas sing isine lewih lengkap-lengkip.
Ora keri panggonan dodolan cinderamata, karo panganan khas, ora keri peturasan sing resik lan sehat.Kanggo nampung komunitas seni uga arep degawe panggung bukakan sing deisi hiburan kanthi ajeg. Kiye mau diarepaken bisa dadi daya tarike wisatawan lokal apa mancanegara.
Kanggo nambah daya tgarik maning kudu ana museum urip, kayata conto klambi  adat jawa Banyumasan sing denggo camat karo pegawene. Dadi wisatawan sing mampir maring Pendapa, bisa nyekseni kahanan pusat pemrentahan Kadipaten (sikikecamatan ) Banyumas agi jamane pemrentahan Joko Kahiman  500 tahun kepungkur.
Dadi mulai sekang  Pak Camat tekan  pegawai kecamatan babagen ladhen wedang karo tukang sapu , aben dina kudu nganggo klambi seragam pemrentahan jaman kuna. Merga ibu kota Kabupaten Banyumas sedurunge boyong maring Purwokerto, Pendapa karo alun-alune esih ninggalaken gagrag Mataraman.
Contone, alun-alun desigar neng tengah kanggo dalan mlaku masrakat sing arep n gadhep maring Pendhapa nemoni bupati. Gagrag sing kaya kuwe esih arep delesatarekaken. Khususe sekubenge pendhapa karo alun-alun bakal dadi daya tarik wisatawan.
Camat Banyumas se pegawene ngaku siap dadi bagean museum urip, mingangka ngembangaken Wisata Budaya Banyumas Tempo Dulu mau. Angger pancen karo pegawene kudu nganggo sandhang pegawe jaman kuna, ya kudu siap. Kabeh mau kanggoihtiarf ngembangaken wisata budhaya kota lawas.
Seliane kabeh pegawe kecamatan arep dedaekaken museum urip, sing arep nggo tontonan waisatawan, kudune para seniman tradisi banyumasan, uga kudu dilibedaken. Seliyane kuwe kota lama duwe siswa seni neng Sekolah Menengah Karawitan Indonesia (SMKI).
Murid-murid mau bisa diberdayakan kanggo ngisi rutin nyuguhaken tontonan kesenian khas Banyumas pas ana  wisatawan sing tekane rombongan. Seniman Banyumas sing gabung nang wadhah Dewan Kesenian Kabupaten Banyumas (DKKB) uga kudu melu kelibed.
Dadi tontonan kesenian kayatai Lengger, Calung, Ebeg karo liya-liyane bisa manggung tetep tur dadi tambah mutune. Angger ora tau pentas, kesenian tradisi bisa mati cut siji, merga langka sing nanggap apa sing nonton.
Ndadekaken kota lawas Banyumas dadi sentra wista  cagar budaya karo kearifan lokal, seorane bisa nyuguhaken panggonan wisata sing beda nang Banyumas. Puluhan taun, wisata Banyumas seing dikenal wong mung Baturraden thok. Mulane mayuh padha melu ndadekaken kota lama Banyumas dadi panggonan wisata anyar. (R Wiedhayatie)

Keterangan Foto: ALUN-alun Banyumas sing arep didadekaken lokasi Wisata Budhaya.

wis demuat neng Harmas 29 Januari 2015

Friday, 9 October 2015

Sastra Banyumasan Pancen Maen

SEDAYA kanca-batir, utawane para pinter teng pundi mawon mligine teng tlatah Banyumas, menawi kita sami purun nggoseki basa banyumasan, niku jane isine nggih kumplit pepek-ngupek. Ingkang kula kajengaken pepek-ngupek, isine mboten kawon kaliyan basa jawa,ingkang asring desebat “basa jawa standar”. Niku basa jawa sing seni kene dewucalaken teng sekolahan-sekolahan.

Lah saniki kenging napa basa jawa Banyumasan, dereng dados basa jawa standhar teng sekolahan-sekolahan. Lah niku sababe kula,kanca-batir, utawa para pinter kadose dereng sami kober nggoseki, utawa metani napa mawon isine basa banyumasan. Nggih mboten maiben, mboten saking mboten merlokena, utawi mboten nggatosaken. Kula kanca-batir, lan para pinter sami ketungkul menggota, koreh ngge njejegena kendhil, mados pangupa jiwa.

Milanipun mangga saniki sami sareng-sareng melahi sami nggantosaken budhayanipun keyambek mligine teng babagan ”kawruh,sastra” basa jawa Banyumasan. Seringe desebat basa Banyumasan. Saking kathahe kawruh, sastra, lan sesanese, pramila anggene nggoseki mboten saged “bruk pethuthuk”. Eh…niki cara kula sing kawruhe pas-pasan.

Para sedherek sedaya, jan-jane angger kula sedaya sami purun mirangaken gendhingan utawi tabuhan, calungan, gendhing-gendhing banyumasan ingkang dene sindhenan, senggakan, gerongan, niku isine basa banyumasan seni. Lah basa seni niku nggih namine sastra. Susastra :su (maen) sastra (tulisan), tulisan ingkang isine maen. Angger basa Indonesiane niku “Indah”. Niku sastra ingkang wonten kalangan seni karawitan, seni Pedhalangan, lan ugi seni calung.

Salajenge sastra ingkang ngrembaka teng kalangan masyarakat, jan mboten mupakat kathahe. Ingkang kula ngertasi teng Jatilawang,ngaler Purwajati Gerduren nyabrang ngidul Tinggarjaya. Pun teng ngriku Sumber crita rakyat.Mandar sedherek Drs.Prayitno Mpd, niku lenggahe teng Bobosan. Seratane nyariyosaken dumadine desa Gendhurek, Karangwangkal, Lemajang lajeng Sekaran Penganten.

Niku jen maen pisan. Ujar kula soten. Dereng nyabrang kali Tajum, saking Gerduren, ngidul teng Tinggar-Jaya. Teng ngriku nggone juragane. Ramane Haji Ahmad Tohari, niku juragan basa, juragan sastra, juragan Novel Banyumasan. Ari sedulur ajeng mbetahaken novele, Sugan teksih mbok. Ningen nggih mbayar, ganti cetak kaya niku.

Kathahe sastra ingkang dingge kangge sindhenan, gerongan, tandhakan. Kanggene para seniman nalikane sami tabuhan, basanipun basa tembang, tegese basane deiket, boten bebas. Lah angger teng basa Indonesia niku desebat “ Puisi “ sanes prosa. Angger puisi niku basa tembang, prosa niku basa gancaran utawi bebas.

Dados mekatene nenek moyang kita sami teng Banyumas kathah ingkang pinter. Emane dugi sepriki kula kiyambek dereng mrangguli. Nenek moyang sinten asmane ingkang nyerat basa sastra kasebat. Napa niku wangsalan, parikan, crita rakyat  ( Kedadiyane Gendhurek, Dipati Karangwangkal, lemajang ,Gunung Putri) lan sanese.

Niki mbeke Banyumas iring kidul seguthek. Mangkane amper saben dhusun gadhah crita, dongeng kiyambek – kiyambek. Lah niki ingkang kula kajengaken Banyumas sugih sastra, naming dereng sugih panulis, nggih sababe anu sami dereng kober merlokena sami nyerat. Mudheng-mulek ya ramane Tinggarjaya ingkang tekun urak – urek. (Darkam AS/08)




CALUNG BANYUMAS; Senggakan nang calung banyumasan nganggo basa seni sastra banyumasan. Foto:Harmas/dok

Wis demuat nang Harmas 2 Juni 2015

Lakone Pegawe Blekethir, Ketara, Ketarik…Ketriwal

JAMAN  wis merdhika ora nana maning menungsa kerangla, kabeh wis ngrasakna keadilan, kudune ora nana uga wong sing ngethiplakna  siji lan sijine. Pamong praja uga adil maring bawahane, pimpinan perusahaan uga kudhu temindak adil maring buruh lan pegawene, juragan, mandhor, pengusaha lan sing kejibah dadi majikan aja sewenang-wenang...
Sering ana kedadean nang pomahan, akeh pembantu utawa rewang sing deaniaya, raine disretika, desiram banyu panas, desiksa ora olih mangan pirang-pirang dina. Khanna majikan sing cokannyiksa rewang uga salah sijining tindak nglawan ukum sing kewentar KDRT (Kekerasan Dalam Rumah Tangga), sapa sing nglanggar bisa depidhana abot.
Crita bab lakone wong cilik ora nana poge mbuh nang kota utawa nang ndesa. Kiya conto sing cokan marakna trenyuh angger ana wong mbranggawe mantu, nyunati utawa rapat lan pengajian, biasane nggo ngamanaken kahanan, parkir mobil lan montor ana petugas sing jenenge Hansip siki ganti jeneng Linmas. Jane tugas Linmas kuwe kon ngamanaken desa, gawe tentrem warga lan mbantu aparat keamanan, jenenge bae Linmas (Perlindungan Masyarakat).
Ningen wis salah kaprah angger ana keramean lan hajatan ora keri nyambat Linmas kon dadi tukang parkir, malah angger ora nana Linmas jeremonge ora mantep sing duwe gawe. Kaya kuwe ya ngonoh angger pada  sembada ngrumat pangane, honore lanmangsane mangan, medhang ya  aja kapiran. Sing sering kedadean petugas sing umume wis tua kuwe sering kapiran ketriwal angger ana bagian apa bae. Kiye sing kudu daemutna maring masyarakat aja cokan nyewiyah petugas sing jane kur mbantu ngamanken wong hajatan.
Kiye ana crita maning bab wong sing cokan ketriwal alias kapiran angger ana bagian. Nang kantoran pemrentah, swasta utawa perusahaan apa bae mesti ana karyawan utawa pegawe cilik sing ketelah “Blekethir” jane blekethir kuwe mangsud asline “buntut kethek cilik” malah ana sing ngomongna kuwe “sebangsa kethek” ningen nggo paraban utawa nggarnbarna pegawe rendahan utawa wong cilikan.
Akeh keprungu angger ana gegoh utawa rembugan antarane buruh, karyawan utawa pegawe, “inyongbleketir ya njagonge nang mburi, sering uga keprungu ... lha kiye sing nlasani, lah ... bangsa bleketir cokan ora nampa bagen, utawa nampa ya semendhing” lan esih akeh omongan liyane sing intine pegawe utawa buruh cilik cokan desepelekaken nang majikan uatawa pimpinane.
Sekang tembung blekethir kuwe ana poyokan lan wadhanan sing umum nang masrakat yakuwe nasibe wong cilik klebu bleketir jeremonge “ketara, ketarik lan ketriwal” mangsude angger ana salahe pegawe cilik mesti ketara lan desalahhaken, ketarik mangsude angger ana pegawean utawa sing kasar-kasar mesti ketarik kon maju dhisit utawa nggo pengandhele lan anggre ana bagian dhuwit utawa barang biasane ketriwal utawa deklalenaken alias ora deetung ... ya ketriwal, mula akeh sing ngangluh ningen wong wis sering kaya kuwe para bleketir ora kaget lan nrima ing pandhum.
Sing ngaku bleketir uga mayuh ngudi daya aja selawase urip nyandang pesuruh, tukang kebon lan tukang sapu, priyatin lan gawe prestasi men munggah pangkat utawa jabatan. Akeh wong sukses sing maune sekang pegawe cilik (bleketir) sebabe ana prestasine.
Jaman wis maju jeremone jaman repormasi aja ngosi keprungu maning nang kantoran, pabrik, perushaan lan panggonan usaha liyane keprungu wong sing “ketara, ketarik lan ketriwal kaya crita nyata mau sing sering kedadean anang masrakat. Klilan (Bambang S Purwoko/08)

Wis demuat nang Harmas 2 Juli 2015

Cukuran Bocah Rambut Gembel


ABEN taun nang Banjarnegara ana tradisi sing dadi burone wartawan, tukang poto, karo tukang dolan. Yakui tradisi cukuran bocah-bocah sing rambute gembel. Udu gembel gara-gara ora tau adus ningen jerene anu kenang sibat titisane kyai Kolodete.
 Nah nang tahun siki, acara cukuran kue garep dianakna nang wulan Agustus ngesuk nang Dieng. Jerene pemrentah acara cukuran kue didadekna tutugane Dieng Culture Festival sing wis demulai tau 2010 mbien.
Siki, acara kue wis dienten-enteni atusan ewu wong. Akeh sing nembe weruh sekang tivi apa berita pengin weruh dewek, ana juga sing mbien wis tau nonton terus pengin nonton maning, amarga kesengsem.
Jerene pemrentah, gembel kue urung genah anu kenang apa, sing jelas udu gara-gara ora tau adus. Ningen biasane bocah sing garep nggimbal rambute wengine mriyang panas karo ngelindur nggone turu. Arep digawa meng dokter apa meng dukun, ora bakal mari jerene Slamet, wong Dieng. Panase jerene mudun dewek angger rambute wis mulai nggimbal.
Rambut kue angger dipaksa dicukur, marakna bocahe mriang terus bakalan thikil maning gembele. Mulane kudu ana rituale sing wis ana kawit jaman ngganu. Biasane rituale dibarengna karo liane. Syarate, kabeh penjalukane bocah kudu dituruti, angger ora ya mubah duwit tok. Rituale biasane rong dina, ana napak tilase disit. Warga pada mlaku meng Candi Dwarawati, Candi Arjuna, Candi Gatotkaca, Candi Bima, sendang Maerokotjo, Tlaga Balekambang, Kawah Sikidang, komplek pertapaan Mandalasari, kali Kepek lan komplek kuburan Dieng bar kue nembe pada ndonga.
Ritual nyukur kie anu udu kepercayaan kaya agama ningen dadi tradisi sing wis ana kawit jaman mbahela nang Dieng. Critane rambut gembel kui ana kawit jamane Kyai Kolodete lan Nini Roro Ronce (leluhure Dieng). Gembel kue dianggap bala utawane pengnyakit. Makane sing rambute gembel kudu dicukur lan diruwat.
Ben genah, urutane diwiwiti sekang kirab.  Nang kirab kie ana pengawal utama, yakui sesepuh Cucuk Ing Ngayodya, sing nggawa dupa ana wong loro, nggo nolak bala, para bar kue ana prejurit sing nggawani tombak, keris lan pusaka liane, disusul ana wong loro sing nggawa kembang Cucuk Lampah.
Rombongan keloro yakui wong wong sing nggawani sesaji lan ubo rampe ne anak gimbal, bisa macem-macem tapi ora tau sing neko neko misale njaluk montor mabur utawane njaluk ketemu Obama.
Bar Kirab ana acara jamasan, yakui ngadusi bocah sing rambute gembel nang sendang Sedayu utawa sendang Maerokotjo, nang candi Arjuna. Banyune ditambahi kembang pitung werna terus banyune dijiot sekang daerah sekitare dieng. Tuk Bimalukar, tuk sendang Buana (kali Bana), tuk Kencen, Tuk Goa Sumur, kali Pepek lan tuk Sibido (tuk Pitu).
Bar kue bocahan nembe dicukur terus ana hiburan kesenian. Ora adoh sekang panggonan sing nggo nyukur, ana ngalap berkah sing jerene bisa nggawa berkah sing ngintil. Ujude selametan rebutan tumpeng . Oh ya, bar dicukur, rambut-rambut mau ora dibuang sembarangan, ningen dilarung nang telaga. (Dwiana Jati Setiaji, wartawan Harian Banyumas sing manggon nang Banjarnegara/08)








KETERANGAN FOTO: tradisi cukuran bocah-bocah sing rambute gembel aben taun nang Banjarnegara. Harmas/Dok


Wis demuat nang Harmas 9 Juli 2015

Basa Sastra Pedinan Banyumasan

BASA sastra wujud parikan; wangsalan. Mandan asring dipun ucapaken, teng tamu ingkang sampan pamit lajeng wangsul malih. Parikane kaya niki: ”Tawon kemit,entupe kuning,uwis pamit balik maning”. Deneng entupe sing kuning, mboten sanese. Ngge parikan, entupe nggih kenging sing kuning.
Mengkin, angger cengele,ketingale mboten patut.onten cengel tawon. Biasane kula mireng saderenge entup. De tliti temen. Namine parikan degentos nggih kengingmawon,manut jamane,utawi manut swasane. Nekade asline gadhah ikih. Asli parikane, ingkang de maksud.
Saniki ginanipun tiyang dados tamu empun pamit wangsul malih, ndadak nggangge parikan,kadose supados mboten isin utawi kisinan. Selajenge ingkang gadhah griya, kathahipun manggaaken. Sanjange “ mangga mboten napa-napa”. Mekatena ampun de bathin, kiye mengko calone nguren maning. Nguren niku “nyuguh”. Pancenipun jaman alite kula, niku jan langka pangan.
Dados menawi onten tamu, panganan semendhing-mendhing sing penting tamune. Kadhang kala kiyambek dilampahi mboten nyore. Jan niki nate kelampahan. Kula kiyambak tamune. Mertamu teng kanca,teng dhusun. Dhusune mboten tidhokan. Nggene tebih saking nggili, tur malihe nyabrang kali, namine kali Tajum. Deneng kaya teka-teki, dhusun pundi niki. Lajengaken. Dhong sonten desuguh nedhi. Sontene jam 3 (telunan) angger seniki jam !5.00. Kula de kuren nedhi. Sesampune lajeng omprong-omprongan.
Perwirane kanca kula ken nyipeng. Kula mboten purun de peksa mawon, estune kula nyipeng. Saweg kedhengan teng lincak, biyunge kanca kula sanjang lirihan teng larene. Mesthine ndarani kula tilem. Sanjange ngeten “ Sega mung rong piring wis de suguhna, mengko sore, dhewek ora nyore, sing penting tamune”. Kula tilem mboten,dados miring.Bar kedhengan menyat, kula api-api mboten miring biyunge kanca kula sanjang segane mung-mungan. Kanca kula aseng tek belik,adus. Belike tebih saking nggriyane, anu teng kalen gunung. Chiduke bathok. Teng ngriku pancen ngge padusan, ngge pangansoa, ngumbahi mbereng. Sesampune adus sonten , kula sanjang kalih kancane, “kiye mengko inyong arep perlu, ngebleng sewengi mengko, sedina ngesuk,molahi jam papat sore. Aja de kuren, aja dadi gawe”. Jane esih omong- omongan panjang.
Ringkese kandhah padha slamete. Sing gadhah griya mboten kewirangan, kula kepenak mawon, sinaosa wetenge protes. Klakak-klikik pernahe kencoten.
Teng ngriki niki penginyongan kula sami, sinaosa mboten gadhah, ageng perwirane. Mulane menawi sampun pamit, saene mboten balik maning. Nggih ingkang namine tiyang wonten tembu “ndilallah”. Anu mpun pamit, tekan nggili, mboten angsal kendaraan.Thingak-thinguk bingung, kepethengen, isin-isin napa nggih balik malih. Angsal ampun nguja wangsul malih.
Mekatena gumantung tiyange. Niku wau cariyose mertamu mpun pamit wangsul malih(balik maning).
Salajenge tamu mboten nate-nate purun ngambah. Napa niku kanca lami napa tanggi dhusun. Ingkang gadhah griya sesampune nampi uluk salam, lajeng sanjang “kadi ngaren”. Sanjang mekaten kalih  ngetingalaken ramahe ,utawi jameyane. Bentene, tamu balik maning, nganggene parikan” tawon kemit….” .Tamune riyin ingkang sanjang. Menawi tamu datheng  ingkang sanjang riyin ingkang gadhah griya. Onteh malih kanca mboten nate-nate dhateng gasik dingaren, kajenge”ora tau-tau (mboten nate-nate), tumben.Dingaeren pethilan saking wangsalan. Menawi teng gendhing banyumasan sering sanget kapireng: janur gunung, sakulon Banjar patoman, kadingaren kang bagus gasik tekane. Janur gunung : ngaren, onten ingkang mastani janur aren.
Pramila bedhekane: aren, betah Kadingaren (tumben)
Ketingale tiyang niku gawene “telat”. Kumpulan napa-napa dhatenge kantun,ngge amben. Pramila pisan. Kala dugine gasik, diwastani “kadingaren”.
Niku teng perkumpulan. Patute angger tiyang dines kantoran , nggih ampun kadingaren. Pangkat,datheng, wangsule,manut wekdal pathokane. Tiyang dhines kantoran dugi,wangsule sekarepe piyambek, namine mblubud. Kakange mblubud mencilung. (Kang Darkam-02)

Wis demuat nang Harmas 30 Juli 2015

Togele Tutup Apa Bandare Slulup?

PLEKARA togel nang Banyumas wis marak kawit taun 1970-an. Togel sing puterane nang Cilacap kodene TP (Tjilatjap), sing muter nang Tegal kodene TG (Tegal). Wong bisa bae tuku nomer kode TP ningen metune nang TG utawa sebalike.
Jaman semana bandare ana neng daerah Pasar Wage. Pasangan sepuluh perak olihe pitung atus (tikel pitung puluh). Bosa tambah rame olihe malah dadi medhun mung tikel 65 apa malah 60. Angger telung nomer malah mung ping 350. 

Wektu semana jan togel utawa nomer buntutan bebas dol-dolane. Wong pengumumane malah liwat radio swasta jam rolas mbengi. Sedurunge bukakan nomer, lagu sing deputer lagu dhangdhut si Hitam Manis nggo pertandha arep bukakan.
Angger wis bukakan sing ngrungokaken padha pating njlerit. Ana sing ngomong nomere kewalik, ana sing nyebut salah kamar( pasang TP metune nang TG) ana sing jere kebledhugan. Pokoke jan rame pisan gutul esuk mangsane bayaran.
Togel Cilacap Tegal nang taun 1980-an dianggep kurang ampuh. Banjutan tau melu buntutan nalo (nasional lotere) apa Toto Jaya Jakarta. Pengumumane mandan keren liwat TVRI. Angger dhong pas puteran, sing duwe TV laris nggo ngrungokaken puteran nalo.
Mulkai taun 1990-an, dodol togel ora terb uka kaya jaman kuna ningen kudu umpet-umpetan. Kudu oyok-oyokan karo pulisi. Pasange uga bisa liwat SMS ningen ramalan nomer sing arep metu esih payu. Ana mbah Jugo, Mbah Semar, apa Nyai Roro Kidul nglawaran puteran komputer.
Taun 2000-an togel ora tambah kendho ningen tambah banter. Pulau Jawa bisa debagi-bagi nang pirang bandar. Perang antar bandar rame pisan, nang Jawa Tengah pusate nang Perumahan Bukit Sari Gombel kabeh ngerti sapa bandare.
Operator nang kabupaten ana sing aran El apa Em sing operasine nang tlatah Banyumas, Purbalingga, Banjarnegara tekan Cilacap. Togel sing didol ana sing dearani Hongkong, Singapur utawa lokalan aran  Kuda Lari.
Jere Mbah Brewos sekang Tambak, aja pisan-pisan dodol togel nek ora duwe beking aparat, mung desita thok. Pancen sih sok ana sitaan ningen biasane barang buktine mung sepethilan orang ngasi jutaan. Sing detangkep bleketho=iran mumet, ning bandare tetep ongkang-ongkang nyruput wedang kambi ngetung kasil awit esuk.
Lha wong ingatase wong dodolan togel nang Kroya bae bisa nggedebus debekingi aparat nang propinsi. ‘’Ngonoh detulis ngasi mencret, masa bisa nangkep inyonga,’’ ujare bandar ngagulaken kasektene.
Sepuluh dina kiye, wong padha gegoh jere bandar-bandar togel padha kukud, merga ana operasi terus. Ningen ka nggone sing pengalkaman kabeh mau anau kamuflase. Jane bandare ora tutup ningen slulus (silem/umpetan).
Bisa bae kambi slulup padha dolanan kertu kayata ceki, cemeh apa domino sing pasangane ngedab edabi. Bisa bae main kertu menang utawa kalah ngasi puluhan juta. Urung ana sebutan kongso, sing tegese adu jago neng desa-desa. Kiye omzete uga bisa gedhen merga akeh sing teka sekang luar kota.
Dunya peteng togel pancen dunya sing kebek misteri. Sing main anu pemain watak kabeh ngungkuli pemain sinetron. Tegelan ngembat dhuwite mungsuh. Mulane ora susah gumun ora susah gegoh an gger nyebut togel Sumpiuh tutup.
Pak Camat, pak Kapolsek napa Pak Dan Ramil kedah tetep waspada. Aja gelem delomboni kabar anu ora nggenah. Ningen bandare padha ngguyu-ngguyu bisa nglomboni wong sepirang-pirang. Rakyat Sumpuh, Kemranjen Tambak ora mung waspada maring banjir, uga maring bandar 303! Sing ora kalah bahayane. (Budianto, pemerhati togel Banyumas/05)


Wis demuat nang Harmas 13 Agustus 2015