Thursday 5 November 2015

Aja Kelalen Basane Dhewek

ORA kaya biasane, bubar sholat Subuh Blokeng durung metu sekang senthong. Mangkane biasane angger arep mangkat sekolah, mbukaki kekeb nggolet panganan sing kena deplok. Ningen esuk kuwe, awit uput-uput, wis sinau ndrememel.
Gole ngapalaken seru pisan kaya wong lagi pidato: “Pegawe padha rapat jenenge meeting. Esuk-esuk padha kandhahan arane coffee morning. Pejabat nampa rakyate, sebutane open house...”
Banget ruwinge, biyunge banjutan ndhodhog lawang senthong, ngemutaken lamona wis awan durung sarapan acan-acan. “Mengko gole mangkat kebuntrak-buntrak ketungkul pidhatoan bae,” jere biyunge.
Blokeng mbukak lawang karo mesem: “Good morning, Yung. Good morning, Bapane!”
“Bocah lagi kesambat apa jane.” Biyunge ngaruh-aruhi.
“Pancen biyunge ora ngerti globalisasi. Siki jamane bocah sekolah kudu pinter ngomong Inggris,” semaure Blokeng kambi jungkatan.
“Globalisasi kena bae, ningen aja kelalen Sumpah Pemuda 28 Oktober. Satu basa basane dhewek basa Indonesia,” welinge bapane.
“Iya pancen. Bocah sekolah siki, kawit TK, SD, SMP, apa maning SMA, angger ketemu gurune ya padha mornang-morning basa inggrisan,” jere biyunge kambi nata sarapan. “Ora susah kuwatir, Bapane-Biyunge. Pokoke, satu nusa, satu bangsa, dan satu bahasa Indonesia,” omonge Blokeng maning.
Bapane kelingan nalika Bung Karno ngglorakaken semangat nasionalisme nang tahun sewidakan, tanggapan masrakat gedhe pisan. Jeneng sing mambu basa asing padha degenteni. Acara dansa-dansi sing dudu kebudhayane dhewek deganti tari pergaulan Srampang Dua Belas.
“Toko-toko neng Praketa sing kurang rasa Indonesia-ne uga pada ganti aran. Neng pojok alun-alun ganu ana foto Johnson, banjutan deganti dadi foto Pemuda. Toko Paris duweke wong India sing dodolan cita, ganti jeneng dadi toko Laris.” Bapane crita.
“Iya ganu ana bioskup telusing ana neng Purwokerto yakuwe Gloria dadi Srimaya, Elita dadi Nusantara, banjutan Capitol ganti jeneng dadi bioskup Garuda,” ujare biyunge.
Kambi mbatari sarapan, bapane aweh piwulang maring anake lanang. Jere siki wong wis padha kelalen maring basane dhewek, basa banyumasan. Bocah sekolah isin ngomong Banyumas mbok dearani bocah ndesa.
Semana uga wong tuwa, akeh sing ninggalaken basa Banyumas merga jere ora miyayeni. Basane wong ndhep-ndhepan utawa basane kuli kaya bapane Blokeng sekanca batir. Mulane angger ora nana sing gelem nguri-uri ya bisa ilang, wong siki bae wis padha kelalen.
Rong dina maning warga Banyumas agep mengeti Hari Sumpah Pemuda. Neng dina sing apik kiye, kena nggo pengeling-eling magreh padha bareng-bareng ngomong banyumasan.
Aja ngasi pemuda Banyumas isin ngomong apa sinau basa banyumasan. Mbokan padha kelalen maring basane dhewek. Krungu piwelinge bapane, Blokeng janji ora arep gagah-gagahan ngomong inggris-inggrisan maning. (06)


Wis demuat nang Harmas 10 Oktober 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...