METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

DOPOKAN

Obrolan gaya Banyumasan, mengangkat aneka ragam topik yang sedang hangat di masyarakat.

UJARE KANCA BATIR

Uneg-uneg pembaca Harmas melalui SMS.

GEGER MOWER

Berita-berita ringan yang dikemas dalam bahasa Banyumasan. Unik dan segar.

SENGGAK

Kritik atau sentilan dengan gaya menggelitik dalam format bahasa Banyumasan.

Friday, 23 October 2015

Telung Taun Sedane Dhalang Gino

NYONG  tau manggon nang Notog taun 1972-1975  rikala SD kelas 1-4. Kaya bocah sepantaran, nyong uga seneng nonton wayang ngasi ngebyar. Dhalang idolane  padha kaya  kanca-kanca ya kuwe Dhalang Gino.
Wektu semana Dhalang Gino wis kondhang. Tanggapane butul Jakarta, palah  butul Sumatra lan Kalimantan. Senajan kondhang soten angger ditanggap tangga cedhek ora nolak. Buktine, nyong tau nonton pas ditanggap Mbah Guru Sum daleme nang mburi kecamatan lawas, Mbah Sumo (Pamane Pak Mardjoko manten Bopati Banyumas) daleme nang mburi  umaeh Dhalang Gino, Pak Bau Kalirajut, lan ditanggap Kecamatan Patikraja nggo Pitulasan nang alun-alun Notog.
Pisanan nyong nonton nang mburi Kecamatan lawas, neng umaeh Pak Medi. Suara gamelane maen pisan. Pesindhene, Nyi Sumiati lan Nyi Larasatun katon ayu, mlowes tur moblong-moblong. Suarane yahud. Angger depadhakna karo suarane  pesindhen Nyi Nuriyah singcokan melu Dhalang Mantep kacek adoh. Rikala pengendhange dikon nirokna ukarane Dhalang Gino, “Godhong gedhang kluthuk nggo mbunten ketan,” bisa plek jiplek nirokna nganggo tabuan kendhange. Saemute nyong, Dhalang Gino angger ngobahna wayang Limbuk urip pisan. Tangane gole obah kaya yayakha. Bokonge kayong bisa geyal-geyol, magane bokonge ora nana engsele. Pendheken, Limbuke kayong ana roeh.
Dhalang Gino dhalang ora kur dhalang sing paling jos antawecanane. Dheweke pinter improvisasi lakon crita wayang. Buktine  sering nganggo lakon carangan. Pendheken,   kelewiane kumplit-plit, kaya dene suluke, sanggite, ndhagele, turan sarune ora nemen-nemen.
Dhalang Gino kreatip pisan. Ndhalange nganggo cengkog dhewek. Merga cengkoge ngepasi karo samubarang sing mambu Banyumasan, cengkoge dearani  cengkog Banyumasan. Sekiye cengkoge detiru nang dhalang Banyumasan  jaman sekiye.
Angger arep mayang biasane ana suara gamelan ditutuk asal-asalan nang kuli akut sing ngangkut kambi gerobag sapi. Angger grobage ngalor, biasane arep ditanggap neng wong grumbul Ronten,  desa KedungwuluhKidul utawa Kedungwuluh Lor. Angger ngetan, biasane arep detanggap nang grumbul Sanggrahan, desa Patikraja, Pegalongan utawa Kedungrandu.
Jalaran kawit cilik wis seneng nonton Dhalang Gino, Dhalang Daulat, Dhalang Gito, Dhalang Kodir, Dhalang Taram, angger nonton wayang dhalang wetanan kocap krungu suluke wis krasa aneh. Aneh maning maning angger wis mlebu gara-gara.  Merga Bawore dadi Bagong.
Merga sering ditanggap neng endi ora, Dhalang Gino wektu semana wis dadi wong sugieh Notog. Wong sekecamatan Patikraja sing duwe mobil nembe wong telu. Dhalang Gino, mobile kol cowak Tiga Berliyan sing ana tulisane Dewandaru Onigus. Lurah Pegalongan Pak Siswadi, mobile Jip Willys. Karo wong Notog Lor, mobile Fiat blendhuk. Wektu semana wong sekecamatan Patikraja sing nduwe TV nembe dhalang Gino. Angger ana tinju Mohamad Ali, SD se-Notog padha bubar sewetara merga guru lan muride padha nonton TV-ne  Dhalang Gino sing agi nyiarna tinju Mohamad Ali tandhing George Foreman.
Sekiye dhalang Gino wis kepundhut dening sing kuasa. Presise telung taun kepungkur. Winginane nang  alun-alun Notog molaih tanggal 16, 17 lan 18  telung ndina med ana acara ebeg, kethoprak, wayangan kanggo mengeti  nyewu dina sedane. Nang pengetan kuwe nyong krasa, jebule penggemare Dhalang Gino ora kur nang tlatah Banyumasan.
Buktine, seniman Jawa Timur  kaya dene Kirun, Topan, lan seniman wetan liyane kaya dene Yati Pesek, Marwoto Kawer lan Ciblek pendhagel sekang Banyumas  padha melu ngramekna acara kuwe. Palah, Dhalang Oye Mantep Sudarsono ora kur mayang secra khusus, ningen uga  ngebosi. Sing nonton ngendheng-endheng. Angger dideleng sekang Helycopter, menungsa sing tumplek blek nang alun-alun Notog  kaya cendhol dawet nang kuali.
Muga-muga swargi Dhalang Gino diparingi papan panggonan sing apik lan amal ibadaeh detampa dening Allah SWT. Dhalang penggantine uga ora entong-entong, ningen nambah-nambah. Amin. (Hari Widiyanto/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015

Lesung

Kayane bocah jaman siki, mligine bocah kota, apa maning kota gedhe kuwe padha ora ngerti apa sing desebut lesung kuwe. Blakan bae kaya inyong kiye ya ora teyeng angger kon njlentrehna apa kuwe lesung, tapi angger weruh barange utawa gambare ya ngerti lamona kuwe sing dejenengi lesung utawa iya kuwe gambar lesung.
Seweruh inyong, lesung kuwe kaya kothak kayu sing degawe sekang kayu segluntung wutuh, dawane watara 2 meter lan garis tengah utawa diametere watara 80 cm. Glondhongan kayu sing madan bunder kuwe debentuk balok kayu segi-papat ben ora ngglewang angger deglethakna, apa maning angger lagi detotogi karo alu. Neng bagian pucuke biasane ana lumpange, yakuwe bolongan bunder kaya kusan mlumah.
Angger ora lagi denggo, biasane mangsan rendhengan utawa mangsan udan, lesung deganjel dekurebna neng pinggiran umah ben ora ketritisen utawane kudanen. Kanggone wong sing sugih utawane tukang tempur alias bakul beras, sing meh saben dina utawa sering nutu wis duwe kandhang lesung dhewek, dadi ora perlu atang-otong nggotongi lesung, tur maning dadine angger nutu kuwe ora kepanasen utawane keudanen.
Kejaba nggo nutu pari dadi beras, lesung uga cokan nggo ngglepung alias nutu beras (sing wis dekum sedurunge) dadi glepung. Sing kaya kiye mligine kanggone wong sing arep mbarang gawe, anu arep gawe jenang (njenang). Jaman gemiyen ora ana wong mbarang gawe sing ora njenang. Jenang, ketan, wajik kuwe panganan mligi kanggo wong mbarang gawe utawa hajatan.
Sewise gole nggawe glepung meh rampung, embok-embok sing padha rewang glepung kuwe banjur kothekan utawa gejog. Kanti notogi lesung sing panggonan lan seru-lirihe beda-beda siji lan sijine, bisa dadi wirama sing maen. sing enak deprungu kuping gutul ngendi ora. Kanti keprungune swara kothekan lesung kuwe, wong-wong warga masarakat banjuran ngerti lamona arep ana wong hajatan, sing mengko bengine wis bisa nampa dhayoh kondangan. Kanti kothekankuwe ateges lesung uga bisa denggo nggo piranti komunikasi sing cukup migunani.
Kothekan lesung kejaba nggo sarana aweh kabar wong arep mbarang gawe, uga nggo seneng-seneng mligine kanggo embok-embok sing padha kothekan kuwe. Kejaba kuwe kothekan uga delakoni angger pas ana wulan depangan graha alias gerhana wulan sing biasane pas wulan purnama. Kanti kothekan kuwe karepe ben wulane enggal-enggal detokna sekang wetenge graha kuwe.
Jaman siki lesung wis kena darani ilang sekang masarakat. Wong tani wis ora nutu pari maning, cukup nyelipna. Wong mbarang gawe wis ora njenang maning, cukup tuku neng pasar utawane toko. Bocah-bocah wis ora percaya maning maring anane wulan depangan graha. Babagan seneng-seneng utawa iburan, siki wis akeh tivi utawane video, sing teyeng nyuguhna werna-werna iburan.  (Eyang Nardi, Pemerhati Budaya Banyumas/05)

Wis demuat nang Harmas 22 Oktober 2015

Wednesday, 14 October 2015

R Soemandar, Sodagar Kuna Klampok Banjarnegara

SEDURUNGE Indonesia merdika, Kota Kudus duwe Nitisemito sodagar rokok.  Semarang duwe Tasripin juragan batik. Purbalingga tau duwe sodagar  Turni. Klampok Banjarnegara duwe R Soemandar, sodagar pemasok kebutuhan Pabrik Gula.
Siki nguna babagan R Soemandar, peyayi Klampok weton Purwokerto, Kakange garwane R Ibrahim Poerwadibrata Asisten Wedana (Camat) Kebumen (siki Kec. Baturaden). Panjenengane uga Bapak angkat lan Pak Gedhene R Soetedja, komponis legendaris Indonesia asli Banyumas. Panjengane sing paring biola Stradivarius kanggo R Soetedja, lan sing nyekolahna neng konservatori musik Italia.
Tebat daleme neng sisih kulon pasar Purwareja Klampok. Gemiyen, daleme ana pekarangan amba amba karo tengah hektar, dekubengi banon pregola. Siki angger ana umah sing magrong-magrong sing pekarangan seamba kuwe, paling daleme Pak Bupati (kuwe be dudu duweke).
Rikala Landa njajah Indonesia,  neng wewengkon Banyumas Raya tau ana  kebon tebu paling amba setlatah Jawa. Tebune deolah neng  limang pabrik gula: PG Kalibagor, PG Klampok, PG Bajong (Purbalingga), PG Purwokerto (Gedhong Isola) kambi PG Sumpiuh (Giritomo Kebokura).
R Soemandar dadi pemasok karung gula pabrik-pabrik gula kuwe. Ora gampang dadi pemasoke. Syarate, kudu duwe kebon tebu lan kebon rami amba ora petung. Aja kaget, kebon tebune lan kebon ramine ambane ana satus hektar!
Panjenengane uga dadi eksportir kamijara aring Eropa. Kebon kamijarane neng Desa Kemawi lan Kanding Kecamatan Somagede Kabupaten Banyumas. Ambane ngasi 450 hektar…. Masa Allah!
Sing jenenge sodagar gedhe jaman ganu ora beda karo jaman siki, R Soemandar kerep nglang-lang jagad. Wis mesthi srawungan kambi wong Eropa apik. Neng Eropa,  batik jebule kemedol pisan, mula kuwe, sekondure sekang Eropa, panjenengane dadi kagungan pengangen-angen mbukak pabrik bathik kanggo ngladheni pesenan relasi sekang Eropa. Pengangene banjur kewujud. Tukang batike wong Susukan lan Gumelem. Dhasare jiwa dagange apik, pabrik bathike gelis nggedheni. Bathik sing agi debabar angger agi dejereng katon mblarah-mblarah lan semanger pisan.
Merga pabrik gula Klampok paling gedhe,  neng Klampok akeh wong Landa manggon.  Sewijine ndina, R. Soemandar menggalih jero babagan kebutuhan pendidikan kanggo bocah-bocah Eropa neng Klampok. Jiwa dagange banjur ngembus-embus dalan rejeki mbangun Europeesche School  (Sekolah Dasar kanggoanak-anake wong Eropa). Nek ora keliru, tebat bangunan sekolaeh siki dadi Kantor Polsek Klampok.
Saking sugieh lan saking gedhe pamore R. Soemandar, ngasi neng Klampok siki esih ana padhukuhan Kemandaran. Jeneng dhukuh kiye kanggo pengeling-eling lamon neng Klampok Banjarnegara tau ana sodagar legendaris sing neng  Semarang lan Kudus. ( Heri Widiyanto/08)


Wis demuat nang Harmas 2 Juli 2015

Pejabat Walimusa, Tua nang Gili Lemu nang Desa

Pejabat siki kaya Camat, Bupati, Gubernur tekan Presiden kudu sering turun maring tlatah wewengkone, malah Presiden Jokowi nyontoni mirsani kahanan sing kewentar kambi “Blusukan”, ya pengerten blusukan kuwe ngambah panggonan sing cebrik, kotor lan arang deambah wong. Mula ora aneh angger kerja blusukan kuwe biasane nang pemukiman kumuh nggone wong sengsara utawa arang detekani pejabat utawa aparat. Blusukan uga nggo nlisik kahanan sebenere ora “Asal Bapak Senang” utawa ABS ningen kahanan nyata sing dealami warga utawa kahanan sunyatane mbuh kuwe apik apa ala sing mengkone nggo bahan nyusun program utawa kebijakan anyar nggo ndandani men lewih apik.
Laku blusukan nang tlatah Banyumas wis suwe deanakna nang Bupati lan andhahane ganu nang era taun 1980 an nganti 1990 an, Bupati sing sering blusukan yakuwe Almarhum RG. Roedjito lan almarhum Djoko Sudantoko malah sering nginep nang desa-desa utawa tlatah pegunungan sing arang deambah pejabat kabupaten. Jamane Bupati Roedjito ketelah “Safari Pembangunan” sing acara utamane ngresmekaken proyek, sarasehan, silaturahmi .... uga pertandingan olah raga kaya bal-balan lan Voli. Sing nyenengaken rakyat yakuwe angger bubar adu tanding tim kabupaten sing depandhegani Pak Bupati kalah menang kudu cucul kaos tim anyar lan deserahna maring lawane yakuwe pemuda desa senajan gudres kringet ningen rumangsa olih “hadiah” sekang rombongan safari pembangunan.
Inyong sing ganu njabat Kabag Humas mesti nggawa rombongan wartawan ngosi 15 klebu kang Didi Wahyu sing siki ngelola Harian Banyumas, rombongan wartawan klebu RRI lan RadioSwasta biasane dadi tim inti angger tanding bal-balan utawa Voli lan sing sering mesti kalah, wong pancen udu olahragawan asli. Nginep nang pedesaan ora kur sedina ningen sering ngosi 3 dina saking akehe desa sing kudu detekani lan angger ngosi delewati rakyate padha mrengut malah akeh sing protes ... ya kepeksa nuruti kekarepane rakyat senajan wis lempoh.
Sing marakna seneng lan esih dadi omongan seprana-seprene tumraping pejabat lan wartawan yakuwe angger dhong desuguh mangan, sing jenenge Ibu-ibu PKK jeremonge olah-olah kit mbengi tekan subuh nyediakna sewernaning panganan lan suguhan model prasmanan nggo wong eketan malah kadang atusan.
Lha .. kiye sing merguyokna angger babagan konsumsi nang pedesaan aja takon maning ana cimplung, rucuh dawegan, munthul, gedhang godog, jalabia ... lan akeh maning wujude. Angger pas mangan prasmanan kayong apa bae detokna, werna-werna sayur, janganuga tegehan sing maregi. Sebabe saben desa nyuguh lan kudu depangan, rombongan safari pembangunan sering kewalahan ningen wajib ukume kudu depangan ... mula sing jenenge sarapan, mangan awan lan nyore lewih ping loro utawa telu ... jan boyeh pisan. Inyong sing angon wartawan kambi Kepala-kepala Dinas weling wanti-wanti aja ngosi nolak suguhan kepriwe carane kudu depangan senajan semendhing, angger ngosi ora ndulit acan-acan kae Ibu-ibu PKK lan sing duwe umah pada mrengut jeremonge “Wah .., ora kolu masakane wong desa” mula ya sering ana anggota rombongan “keblethengen” sebabe kewaregen.
Angger bali sekang desa lan ketemu maning dhong nyambut gawe, akeh pegawe lan kanca batir padha madha “Wah ... nang desa telung dina padha gembil pipine, lemu” Ana maning sing aruh-aruh jan bareng melu safari pembangunan siki malik dadi “Pejabat Walimusa” sing mangsude pejabat tua nang gili (perjalanan) lan lemu nang desa, iya pancen sing marakna lemu yakuwe kudu mangan apabae sing desuguhna, malah kadhang deolih-olihi nggo sangu nang dalan ... mula ya pancen mangan jor-joran. Ningen sing penting wektu semono masrakat seneng, oleh bantuan lan sing penting maning diwongna ... jalaran ana sing sejeg jumleg nembe weruh Bupati lan salaman (sering nggo guyon anger bar salaman kambi Bupati tangane ora dekumbah ngosi seminggu) ... ya saking senenge.
Rombongan safari pembangunan Bupati Banyumas wektu semono uga dewartakaken media masa lokal lan nasional ndadekna Banyumas misuwur pisan sebab saben dina ana warta sing duwe daya tarik, malah kawigaten gedhe teka sekang pemrentah pusat sing nyebutna lamona safari pembangunan pantes detiru nang Bupati liyane. Mula pancen kasunyatan lamona program blusukan, turba, safari pembangunan utawa njajah desa milang kori pancen prelu banget, pejabat aja sering nang mburi meja, aja sok precaya maring pelapurane ABS (asal bapak senang) utawa AIS (asal ibu senang),blusukan ngosi nginep nang tlatah pedesaan uga nggambarna wujud “manunggaling kawula lan gusti”
Programe Pak Presiden Jokowi sing ketelah blusukan uga aja nggo lamisan thok, ningen andhahane kudu bisa nerjemahna apa sing dekarepna pimpinan lan penjaluke masrakat. Ya .. blusukan nyithak pejabat WALI MUSA ora salah. Klilan (Bambang S Purwoko).

Wis demuat neng Harmas 15 Oktober 2015

Tradisi Suran nang Banyumas

NGRAYAKAKEN Suran utawa wulan Muharram nang tlatah Banyumas pirang-pirang acara sing digelar. Jere asale sekang tembung wulan  Asyura (Hijriah) sing banjutan katelah Sura ( kalender jawa). Jan-jane sing bener pengetan tau anyar Hijriah/ Jawa.

Biasane depengeti kanthi sukuran bareng nang dalan desa. Masarakat padha nggawa panganan sing biasane diwadhahi takir, besok apa tenong. Banjutan masrakat padha ijol-ijlan panganan. Mulane ana bae wong Banyumas sing nyebut wulan Sura  wulan takir apa tenong.

Acara Suran nang Banyumas saben taun depen geti nang Desa Piasa Kulon Kecamatan Somagede. Warga padha ngumpul nang Jembatan Kopek ora keri nggawa takir apa tenongan. Ora mung perangkat desa sing padha teka, ningen uga penjabat sekang kabupaten.

Ritual Grebeg Suran uga deanakaken  warga 30 desa sing manggon nang sikile Gunung Slamet. Biasane acara kiye deanakaken sisan gawe kanggo ngramekaken Pariwisata Baturraden. Paling ora limang ewu warga Kecamatan Baturaden, Banyumas aben taun nekani acara mau. Ritual Suran deanakaken minangka ra syukur maring Gusti Allah, merga esih deparingi rezeki karo kasil bumi sing pirang-pirang
Ritual sing uga katelah  rebutan kasil bumi kiye deanakaken saben wulan Sura utawa taun anyar Islam. Acarane demulai sekang arak-arakan ngusung pirang-pirang kasil bumi, kawit sayuran, woh-wohan karo kebutuhan pangan menungsa liyane. Ora keri deiringi kesenian  tradisional Banyumasan, kayata hadrah, kenthongan tekan kesenian tabuh lesung utawa gojeg lesung..
Bubar arak-arakan, kabeh sesaji mau dedongakna nang para sesepuh desa ngkono.Kabeh padha ngucapaken puji syukur maring Gisti Allah. Sjrone ndonga, warga nyuwun ben kabeh masrakat Banyumas, khususe sing manggon nang sekubenge Gunung Slamet padha deparingi kewarasan.
Sewise n donga, ewon warga padha rebutan sesaji sing dearak. Tumpeng sing derebut bae ana telung rupa sing degawe sekang pirang-pirang kasil pertanian. Kayata pari,  ketela, karo sewernaning sayuran sing ana uga woh-wohan.
Gole padha rebutan tumpeng nang komplek petilasan, banjutan tumpeng depangan barengan. Ancak  isine kasil bumi sing nggo rebutan warga, jere  bisa nggawa berkah karo  keslametan urip.  Mulane warga rila rebutan kambi sol-solan ben kabagiyan. Grebek Suran kuwe minangka puncake kegiatan nyambut tahun anyar Islam.
Minangka penutup ritual, nganakaken sembelehan wedhus. Sirah wedhusbanjuran detandur miangka tenger janur kuning. Banjutan sesaji sing ana delarung nang kali sing mili nang obyek wisata Baturraden.
Acara kiye minangka rasa syukur maring Gusti Allah sing wis paring  berkah kasil bumi sing delimpahaken maring warga masarakat.. Semana uga kanggo keselametane wilayah Baturaden karo wisatawane sing aben taun cacahe ngasi atusan ewu. (dw) 

Wis demuat neng Harmas 15 Oktober 2015

Penganten Rungal

NENG adat Jawa, klebu neng tlatah Banyumas, acara pengantenan utawa nikahan kuwe ora mung dadi urusane bocah loro si calon penganten, ningen uga dadi urusane wong tuwane si calon penganten sekloron lan uga dadi urusan rong brayat, ya kuwe brayat keluwarga penganten lanang karo brayate keluwarga penganten wadon. Lan uga dadi urusan masarakat sekubenge karo kanca-batire kabeh. Mulane neng acara pengantenan kuwe kabeh sedulur tangga-teparo karo kabeh kanca-batir deundang kon nekseni lan paring donga lan restu, lan syukur ana amplop sumbangane.
Kanggone si kaki lan nini penganten, pengantenan kuwe ora mung sederma pesta utawa slametan njagong jejer dedandani kaya raja karo ratu desawang dhayoh akeh, olih akeh amplop sumbangan, seneng. Ningen arupa acara suci, perjanjen meng awake dhewek desekseni ora mung neng pegawe urusan agama, ningen neng kabeh dhayoh sing teka lan uga desekseni Gusti Allah. Perjanjen lamona bocah loro arep urip bebarengan, dadi siji selawase urip.
Kanggone keluarga penganten, anane penganten kuwe ora ateges anggota keluwarga kuwe dadi suda merga dadi keluwarga anyar, tapi malah sewalike. Anane pengantenan kuwe dadi nambah anggota keluarga, yakuwe anak mantune sing anyar kuwe. Penganten wadon dadi anaka anyare keluwarga penganten lanang lan sewalike penganten lanang mlebu dadi anggota keluwarga penganten wadon.
Pancen apike si neng keluwarga sing dadi pengaten kuwe urut tuwa, anak sing tuwa dhisit tembe anak sing enom-enom. Tapi gandheng jerene jodho sing nentokena kuwe Gusti Allah, mulane kadhang-kadhang sing enom bisa olih jodho lewih dhisit ketimbang kakange utawa mbekayune. Sing kaya kuwe sing neng tlatah Banyumas desebut pengaten rungal. Inyong tau dadi rungal dhong adhi wadon inyong dadi penganten. Sewalike dhong inyong dadi penganten derungali neng kakange bojo inyong, merga inyong nglangkahi utawa dadi penganten lewih dhisit ketimbang kakange bojo inyong.
Dhong inyong dadi rungal, sekang calon bojone adhi inyong, inyong dewei pengango sesetel (kathok karo klambi), semena uga dhong inyong dadi penganten inyong ya nyedhiani pakean sesetel nggo kakange bojo inyong sing dadi rungal kuwe. Dhong acara penganten jejer, ora ketang sedhela si rungal kuwe ya melu dejejerna, njagong neng tengah, deapit kaki-nini penganten.
Beda maning critane, angger sing dadi rungal kuwe mbekayune si penganten. apa penganten lanang utawa penganten wadon. Biasane, kejaba si pengaten kudu nydhiakna klambi sesetel nggo si rungale kuwe. uga nggo njaga perasaan batine si rungal (mbekayune si penganten), pas dina saat penganten jejer si rungal kuwe deungsekna neng nggone sedulure. Dene sing melu dejerna mung klambine mbekayune penganten wadon kuwe, desogna neng sela-selane njagonge kaki-nini penganten. (Eyang Nardi, pemerhati budaya Banyumas/05)

Wis demuat neng Harmas 1 Oktober 2015

Tuesday, 13 October 2015

BENTHIK

Dolanan Bocah sing Ngemu Piwulang Werna-werna

CARA jaman sikine, gole ngarani jere benthik kuwe klebu dolanan sing murah meriah. Lha ora arep darani ora meriah kepriwe wong sing dolanan benthik kuwe ora trima mung bocah loro, bisa nganti bocah sepuluh sing debagi dadi rong regu. Pancen jaman gemiyen kena darani ora ana dolanan sing nggo dhewekan, paling ora ya bocah loro, ora kaya dolanane bocah jaman sekiye, nggesruk dhewekan neng senthong. Lewih meriah maning angger dolanan benthik kuwe anu pertandingan utawa tantangan antarane tlatah siji karo tlatah liyane, ya ora ketang tlatah grumbul utawa kopak, mesthi padha nggawa kanca-batir kon padha nonton.
Arep ora murah kepriwe wong mung modhal bilah rong ler, siji dawa karo sijine sing cindhek. Sing dawa ana sing ngarani wilahan dawane watara 50 – 60 cm, dene sing cindhek dejenengi anakan, ukurane biasane sepertelone sing dawa. Ngarah gampange, sing degawe dhisit ya sing cindhek (anakan), tembe gawe sing dawa
kanti ukuran ping telune sing cindhek. Dene bahane bisa sekang kayu utawa sekang pring, sing cara inyong gemiyen anu ndadak nyemplek gethek, utawa ndadak nggolet bodholan garan sapu. Kejaba kuwe butuh watu gragal sing meh padha gedhene nggo ganjel anakan angger arep decuthat, karo pethilan genheng nggo papan anakan angger arep pecak lele.
Sedurunge dolanan benthik demolahi, bocah-bocah padha rembugan babagan aturane, seregu kudu ngumpulna biji pira. Babagan aturan dolanan kabeh bocah wis ngerti, dadi ora perlu derembug aning. Bocah-bocah banjur padha nggolet incon (pasangan) dhewek-dhewek sing sekirane babag. Bar kuwe terus padha pingsut karo incone dhewek-dhewek, sing kalah ngumpul karo sing kalah, sing menang ngumpul karo sing menang, terus salah sijine, biasane sing duwe jiwa pemimpin detunjuk dadi pempine, sing cara jaman siki jere dadi kaptene. Lha sapa sing detunjuk dadi pemimpin regune kuwe banjur pingsut nggo nentokna regu endi sing arep labuh utawa main dhisit. Lha tembe dolanan benthik demolahi.
Sejan-jane dolanan benthik kuwe dolanan balapan ngumpulna biji utawa angka kanti nglakoni telung (3) polahan yakuwe: cuthat; iler lan pecak lele, sing neng tlatah sejen dejenengi patil lele.
Cuthat yakuwe nyuthat anakan sing wis detumpangna neng gragal sing dejejerna, nganggo wilahan sing wis desedhakna. Gole nyuthat degawe serosa-rosane ben seadoh-adohe lan golet panggonan sing dijrah ora teyeng depancak nang bocah-bocah sing lagi jaga. Angger nganti kepancak, berarti bocah sing main kuwe mati, ora olih nerusna polahan sebanjure.
Iler yakuwe nampok anakan nganggo wilanhan. Anakan desogna neng gigir tlapakan tangan, deumbulna semendhing terus detampok laro wilahane. Angger anakan kuwe gisa kepancak neng sing jaga, sing jaga olih biji lan sing main mati, tapi angger ora kepancak anakan kuwe debalangna deusahakna ben mandhege anakan kuwe seperek-pereke karo gragal singdejerna mau. Lha sing labuh utawa sing main usaha nampok anakan kon ora cedhek karo gragal mau.
Pecak lele, patil lele utawa cakle yakuwe mbenthong anakan, angger wis mumbul terus detampok nganggo wilahan. Angger sing labuh kuwe ora teyeng nampok anakan, mati. Gole nampok kuwe ora kudu ping sepisan, tapi olih nggo dolanan dhisit sebisane, tembe detampok seadoh-adohe sekang gragal sekloron. Sengsaya sering gole nampoki anakan, bijine sengsaya gedhe. Sing jaga ngupaya teyeng mancak anakan. Angger anakan kena depancak sing main mati lan sing masang/jaga olih biji.
Kaya kuwe seteruse genti-genten bacah siji karo sijine nganti kabeh bocah seregu mati kabeh, tembe gentenan regu sing mau jaga/masang gentenan main utawa labuh. Tapine angger urung nganti kabeh mati koh regu sing labuh kuwe wis teyeng ngumpulna biji utawa angka sing desepakati sedurunge labuh, berarti regu kuwe menang lan lawane kena ukuman. Dene ukumane kuwe bisa gendhongan utawa mung pengakuan lamona regu kuwe kalah, lan dolanan bisa deterusna maning nganti padha bosen utawa kesel.
Kanti ndeleng kahanan sing ketulis neng ndhuwur kuwe, jebule dolanan benthik kuwe akeh wulangan sing migunani pisan kanggone bocah-bocah, yakuwe bocah delatih/deajari kon:
1.    srawung, guyub-rukun kerja bareng  karo kanca-batir sing sepantaran;
2.    berdemokrasi: milih pimpinan, nggawe aturan bareng-bareng, delakoni bareng lan angger ana sing nglanggar kena ukuman;
3.    berperilaku utawa tumindak jujur, ora curang utawa nglomboni maring kanca-batire;
4.    ngakoni menange wong liya lan ngakoni kalahe dhewek kanti nglegawa;
5.    pinter ngetung mligine neng ping-pingan karo gunggungan;
6.    cukatan, trengginas mligine neng nggon: nyuthat, mlumpat, nampok, mancak karo ngincer. (08)
(Eyang Nardi, pemerhati kabudhayan karo sujarah Banyumasan)

Wis demuat neng Harmas 21 Mei 2015