Thursday 29 October 2015

Sepur Jurusan Purwakerta - Wanasaba Agep Urip Maning?

INYONG sekanca batir sekang tlatah Purwanegara rikala taun 1960-an angger pas dina bada riyaya mesti plesiran maring Wanasaba nunggang sepur kluthuk jurusan Purakerta Wanasaba, taun 1966 - 1970 sekolah nang kota Banjarnegara, ana sing nang SMEA (SMK), SPG (siki bubar) uga ST lan SMP mangkat sekolahe uga nunggang sepur. Rikala jaman gemiyen suasana esih rekasa sing duwe pit lan pit montor kena deetung, kayanee sedesa gur siji loro sing teyeng tuku pit montor, mula angger mangkat sekolah ana bae akale kaya nggadhul trek, sek-sekan nang bis lan oplet. Wektusemono sepur jurusan Purwakerta – Wanasaba agi jaya-jayane bahan bakare batubara sing ketelah stingkul uga kayu. Ningen ora let suwe lokomotif deganti kambi mesin disel.
Bocah sekolah sekang tlatah Mandiraja lan Purwanegara sekang kulon seperangan gedhe mangkat nunggang sepur ana sing ngecer karcis arian utawa wulanan  sing ketelah Abunemen ... sing mangsude mbayar nggo wektu sewulan lan lewih ngirit sebabe murah tinimbang ngecer.
Dalan sepur Purwokerto - Purbalingga - Wonosobo agep deuripna maning, kahanan ril sing dawane 98 km pancen akeh sing ketutup bangunan awujud toko, kios, warung lan umah penduduk sing jeremonge nyewa saben taune lan detarik rutin nang PT KAI. Miturut Humas DAOP V Purwokerto, Surono dalan sepur Purwokerto-Wonosobo agep demolai taun 2016-2017 ngarep lan siki wis ana wara-wara sosialisasi maring masrakat khususe singngenggoni lemah lan ril sepur kon siap siaga sewektu wektu degusur.
Masrakat nang tlatah Banyumas Raya setuju lan ndukung anane sepur jurusan Purwokerto – Wonosobo ya ngiras nggo nostalgia uga sarana rekreasi kaya sepur Jaladara nang kota Solo sing kewentar sepur pariwisata. Angger klakon sedalan-dalan sepur kiye ngliwati kali Serayu lan desa-desa sing ana pemandangane mula cocog nggo sepur wisata ndean.
Jalur sepur Purwokerto – Wonosobo gemiyen deresmikaken nang perusahaan Hindia Belanda Serajoedal Stroomtram Maatchappij rikala tanggal 7 Juni tahun 1917 lan anane owah-owahan jaman sepur kiye detutup rikala tanggal 1 Agustus 1978.
Ningen ... siki pemretah liwat Departemen Perhubungan wis aweh restu malah aweh ancer-ancer tahun 2017 wis bisa operasi.
Sepur jurusan Purwokerto – Wonosobo angger pancen klakon deuripna maning bisa ngurangi kepadatan lalu lintas nang dalan gedhe sing siki wis padet lan sering ana kacilakan. Angger regane karcis murah ora mokal masrakat milih nunggang sepur tinimbang angkutan darat, ngiras plesiran ndeleng swasana pedesaan lembah Serayu.
Ningen mengkone angger pancen kaleksanan, kae bakul-bakul panganan lan jajan aja depenggak nggo nguripna ekonomi warga, gemiyen angger nang njero sepur akeh bakul pecel lan panganan liyane kaya nang tapsiun Klampok ana bakul pecel lan tahu, nang Purwonegoro ana bakul ayam goreng lan petis ayam, nang Mantrianom ana bakul gedhang godog, nang Kota Banjarnegara ana sing dodol manggis, duku lan salak, saben tapsiun tekan Wonosobo akeh bakul-bakul sing melu sepur uga asongan nang tapsiun. Mula seliane gawe lancar lalu lintas, jalur sepur Purwokerto – Wonosobo uga bisa nguripna lan ningkataken ekonomi warga. Nang sepur kuwe ora perlu ana restorasi utawa restoran khusus  cukup bakul-bakul cilik asal tertib lan ora nggangu kenyamanan penumpang. Men lewih tertib maing tukang ngamen lan pengemis ora olih operasi nang njero sepur.
Nggo jeneng sepur pancen apike ana mangsude promosi, wis ana sepur jurusan Purwokerto – Semarang dejenengi KA Kamandaka .. la sepur Purwokerto – Wonosobo apike apa jenenge ? Ana sing usul jenenge Adipati Mrapat, KA Argo Slamet Dieng ningen lewih cocog KA Bima Lukar, kiye tuk sing nang Wonosobo sing dadi cikal bakale kali Serayu lan miturut crita lan legenda Serayu, Bima utawa Werkudara sing trukah kali Serayu.
Jalur sepur Purwokerto – Wonosobo uga bisa aweh manpangat maring sektor pariwisata nang tlatah Banyumas Raya, nang Cilacap ana Bandara Tunggul Wulung lan Pelabuhan Laut Tanjung Intan , nang Purbalingga menkone ana Bandara Wirasaba lha angger ana sepur wisata kahanan tambah lengkap tlatah Banyumas Raya dadi tujuan plesiran sing maen.
Sepur Purwokerto – Wonosobo uga migunani nggo ajang pendhidhikan maring bocah sekolah, malah ana kabar lamona esih akeh bocah sekolah SD, SMP sing urung tau nunggang sepur ... jan melasi pisan, mula angger pancen nyata sepur mau arep deuripkaken maning akeh sing dadhi pelanggan nggo plesiran utawa usaha dagang. Klilan (Bambang S Purwoko/05)

Wis demuat nang Harmas 29 Oktober 2015

1 comments :

  1. Dipikir-pikir, DAOP mandan somplak apa yah,
    Aku sing wis nelusuri kue jalur kawit banjarnegara kota tekan wonosobo, akeh rel wis bodol, akeh sing ditempati toko lan umah permanen, kye fotone aku neng kene > http://goo.gl/CEhUZL
    mbok ya genah-genah ngentongna dana ra genah rampunge,
    mending nambahi bae rong jalur go jalur Purwokerto Kroya kue sing genah wis RAME

    ReplyDelete

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...