Thursday 5 November 2015

Bung Karno Tau Disuguhi Dhawet Ayu Banjarnegara

RIKALA tahun 1950-an kota Banjarnegara misuwur olih jeneng “Kota Buntil”, Presiden Soekarno wektu nganakna kunjungan maring Banjarnegara uga sesuguh buntil lan mujudaken suguhan utama seliane dhawet ayu sekang desa Rejasa, suguhan utama nggo nyuguh Presiden ndadekna panganan lan inuman wujud buntil kambi dhawet kewentar. Siki sing jenenge dhawet ayu Banjarnagera njeprah nang tlatah Banyumas, Purbalingga, Kebumen, Cilacap lan kota gedhe liyane, kios dhawet lanangkringan ora gamam masang plang lan spanduk “Dhawet Ayu Asli Banjarnegara” ... jan ana bae akale men dagangane laris manis.
Miturut sujarah, jeneng dhawet ayu asal mula bukane bakule pancen ayu, ana salah sijining bakul dhawet asale sekang desa Rejasa, uga panggonan asline lan klairane Pak Dullah sing kewentar rikala taun seketan. Dhawet gemiyen urung ana campuan es batu, ningen rasane nylekamin pisan.
Ibu Munarjo lan rewange saben dina ora tau leren nglayani langganan lan pesenan. Kiose bisa nampung ngosi 50 wong nang dalan Dipayuda, kaya bakul umume angkrigan dhawete uga ana pajangan wayang (sekang kayu utawa seng) wujude Semar lan Nalagareng nang kiwa tengene pikulane dawet.
Miturut budayawan asli Banjarnegara yakuwe Sarwan Adusarwono nerangna lamona tetenger nang angkringan dhawet gambar wayang punakawan ngemu surasa lan mangsud lamona dhawet kuwe umbenane utawa inumane masrakat cilik sing regane murah. Ana uga sing duwe penemu lamona Semar lan Gareng decekak “Mareng” ngemu surasa ora udhan ningen wong tuku dhawet. Ibu Munarjo dhewek uga ora ngerti sujarahe asal muasal jeneng glewehan, ningen sekang glewehan marakna misuwur ngosi seprene.
Dhawet ayu wis ana nang kota-kota gedhe kaya Yogyakarta, Semarang, Purwokerto, Purbalingga, Cilacap, Pemalang lan kota-kota liyane kabeh nganggo jeneng dhawet ayu asli Banjarnegara senajan gawene ora nang kota Banjarnegara sebabe ora nana larangan lan hak paten mula sapa bae bisa ngaku dhawet ayu Banjanegara.
Siki dhawet sing maune dadi karemane wong cilik wis mundhak kelas nggo wong gedhongan. Angger ana pengede mantu, akeliwat ana dhawet, ana sing decampur kambi duren lan rajangan nangka. Dhawet sing dedol nang endhi papan pancen kegolong murah, segelas gedhe dipatok Rp. 2.000,- - Rp. 3.000,- pancen nyata murah, meriah angger dibandingaken kambi inuman utawa umben-umben liyane.
Nggo narik kawigaten siki bakul dhawet sing nang njaba Banjarnegara uga adol dhawet ireng lan dhawet campur ketan, ningen regane lewih larang mula masrakat tetep bae tuku dhawet sing asli cendhol sing degawe sekang glepung beras, santen klapa lan juruh gula klapa.
Nang tlatah Banyumas Raya pancen sugih babagan kuliner, angger maring Prakerta tuku mendoan kambi kripik lan getuk goreng, angger tlatah Cilacap tuku sale gedhang kambi iwak segara, maring tlatah Braling tuku duku lan soto kriyik lan maring Banjar kejaba dhawet uga misuwur salak lan duren.
Nang alun-alun kota Banjarnegara uga ana “monumen” angkringan bakul dhawet nggo narik kawigaten masrakat sing teka maring Banjanegara, nang kono uga akeh kios lan lapak angkringan dhawet sing saben dina rame detekani dening warga Banjarnegara lan tlatah liyane sing kebeneran liwat kota Banjarnegara.
Senajan panganan utawa umben-umben khas, ningen seprana-seprene dhawet urung ana sing ngurus “Hak Paten” sekang perintis utawa sing trukah anane dhawet ayu Banjarnegara, mula ora aneh nang endi papan dhawet sing dedol kabeh ngaku dhawet ayu Banjarnegara. Sing penting Banjarnegara kewentar asal mulane dhawet asli Banjarnegara, malah lewih misuwur maning ana lagu pop Jawa sing judhule “Dhawet Ayu”. Klilan (Bambang S Purwoko/05)


Wis demuat nang Harmas 5 NOvember 2015

0 comments :

Post a Comment

Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...