Petakonan sing lewih wigati kenangapa Dina Tani Nasional kudu dipengeti? Sepisanan, semangate pertanian kuwe penting. Ngrembug pertanian kuwepadha karo ngrembug plekara pangan. Bung Karno tau ngomong, “pangan kuwe plekara urip karo mati mati.” Jajal bayangaken angger sedulur tani padha mogok ora nandur pari semangsa bae. Pancen sedulur tani sing aweh pangan dunya.

Kepindho, Dina Tani Nasional kudu dadi kaca benggala nggo evaluasi. Jane apa bae sing wis bisa diranggeh? Sejatinya esih akeh pegawean sing kudu dirampungaken. Antara liya plekara kurang pangan, rubahe titi mangsa global, mangsa garing kari esih impor bahan pangan. Ora keri plekara swasembada sing ora nana mandhege karo golet bahan pangan seliyane beras.
Pertakonan liyane, apa siki sedulur tani wis sejahtera? Akeh pengamat sing ngomong, kebijakan pemrentah urung bisa ngangkat nasibe sedulur tani, apamaning nelayan.Jere ketua KTNA (Kontak Tani Nelayan Andalan), sedulur tani Indonesia urung dilindhungi kanthi layak, apa maning maring serbuan produk impor.
Mulane dadi lumraha Hari Tani Nasional seringe ditanggapi kanthi aksi. Protes nang endi ora. Kiye merga kebijakan pemrentah esih setengah ati gole mbela sedulur tani. Mangkane presidene bae doktor lulusan Institut Pertanian Bogor. Terus kepriwe sarjana-sarjana pertaniane?. (dw/05)
Wis demuat nang Harmas 10 September 2015
0 comments :
Post a Comment
Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...