Kanggone generasi nom-noman , kudu eling maring
anane ‘’telung sindrom alzheimer’’
bangsa. Yakuwe kelalenan, munafik karo
amok. Aja ngasi nalika neng tembe mburi dadi pemimpin , krisis budi
pekerti esih ditemoni. Antarane lembaga negara , utawakelompok masyarakat esih
padha cakar-cakaran.
Ngomong plekara
budi pekerti, dadi kelingan pinemune trokoh pendhidhikan
Ki Hajar Dewantara. Miturut pendiri Perguruan Taman Siswa kiye pendhidhikan jan-jane upaya kanggo mujudaken budi pekerti (kekuatan batin), pikiran (intelek) karo jasmani siswa, kanggo maring urip ngarep sing lewih apik.

Selitane ajaran
budi pekerti, sing ora kalah wigatine
ajaran sing debungkus dadi ajaran utawa teori among, sing ana telu
yakuwe:
1.
Ing ngarso sung tulodho:
Artine dadi pemimpin agi dhong neng ngarep kudu bisa aweh tuladha utawa conto siing apik. Apik budi pekertine, kepinterane karo ketrampilane.
Artine dadi pemimpin agi dhong neng ngarep kudu bisa aweh tuladha utawa conto siing apik. Apik budi pekertine, kepinterane karo ketrampilane.
2.
Ing madyo mangun karso:
Artine dadi pemimpin agi dhong neng tengah, kudu bisa mbangun, gotong royong karo wong-wong sing depimpin. Ora mung bisa mrentah,, ningen ugakudu bisa tur gelem “tandang gawe”, yakuwe deperentah nang kekarepane dhewek..
3. Tut wuri Handayani:
Tegese, minangka pemimpin agi dhong neng mburi kudu bisa nyurung, karo awe semangat (nyurung karep) maring kanca batir kabeh.

Pinemune Ki Hajar rasa tersna, rasa nyawiji, rasa karo kahanan jiwa umume, banget
manfangate kanggo kelangsungane proses pendhidhikan.
Teori Among
perlu kesabaran kanggo nerapakene. Ketone nang teori kiyekepengin aweh gambaran
ideal neng babagan peran menungsa neng
sekabehe panggonan (lini). Nang sejrone
konsep among, menungsa sing ideal, yakuwe wong sing bisa meranaken neng
endi bae papane. Mbuh nang ngarep, tengah, utawa mburi.
Nang endi papan panggone, wong sing ideal kudu bisa aweh peran sing migunani tumrap wong sekubenge. Luar biasa pancen teori among kiye. Ki Hajar Dewantara wis bisa mbuktekaken minangka figur sing dadi tuladha karo dadi panutan kanggo insan pendhidhikan nang Indonesia, malah nang mancanegara.
Akeh teori sing dikasilaken Ki Hajar Dewantara nang mangsa penjajahan. Ningen akeh teorine
sing esih relevan karo kahanan jaman siki. Mulane ngadhepi Hari Pendidikan
Nasional 2 Mei sing dadi dina kelairane Ki Hadjar, ora nana salahe padha
ngrenungaken ajaran-ajarane sing migunani. Kayata budi pekerti sing wis akeh
detinggalaken ngasi bangsa kiye dearani lagi ngalami krisis budi pekerti. (dw/05)
0 comments :
Post a Comment
Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...