PENGETAN dina lair lan pahargyan nang Indonesia pancen akeh banget, saben kabupaten lan propinsi ana pengetan laire. Kementrian, DPR, Kejaksaan, Pengadilan, DPD uga saben taun wajib dipengeti lan sing ukume wajib maning depengeti yakuwe Ulang Taun Kamardhikan RI saben 17 Agustus. Angger detlisik nang Indonesia ana 40 pengetan sing nandhakna laire gerakan, dina laire departemen lan lembaga urung klebu laire Kabupaten, Pemkot lan Provinsi.
Lha..... kiye ana tambahan maning, kejaba ana HARDIKNAS (Hari Pendidikan Nasional), ana HAORNAS (Hari Olah Raga Nasional), HARKITNAS (Hari Kebangkitan Nasional), HARGANAS (Hari Keluarga Nasional)..... siki tekan Desember lanpingarepe kejaba wulan Sura ana maning wong nambah-nambahi sebabe akeh wong mbarang gawe mantu, ngundhuh mantu lan nyepiti.....yakuwe HARKONAS jeremonge cekakan Hari Kondhangan Nasional. Ya...saben dina ana tangga, sedulur lan keluarga ngundang pesta kon nyekseni, mangan-mangan lan ngamplopi .... wong jenenge bae kondhangan....jeremonge kon marakna dhangan ....lan seneng sing ngundhang lan diundang.
Kondhangan uga salah sijining srana nggo silaturahmi, biasane agep ketemu kanca batir lawas, sedhulur adhoh lan tumrape pegawe cilik agep ketemu pimpinane, buruh ketemu majikane.....lan uga mantan pacar sing siki wis rendhel anak putune. Pokoke ...... angger aja mikir untung lan rugine, acara kondhangan nyenengaken, njembreng wudhel magan tarik-tarik jajan lan prasmanan mambrah-mambrah, mbuh pira isi amplope....sing penting teka lan wareg.
Siki mangsan brayat mbaranggawe undhangan utawa ulem-ulem sedina ngosi 2-3 panggonan, angger sedhulur utawa kanca raket ukume wajib mbok ngosi dewelehna ....”Wah wis ora ngakusedhulur maning, deundhang bae ora teka”, kaya kuwe biasane angger ketemu. Pesta nikahan ana sing nang umah, ningen akeh sing nang gedhong pertemuan utawa hotel, lha ..... kiye sing marakna ora pas miturut ajaran agama utawa sopan santun, saking akehe sing deundang, panggonane sesek lan ora nana kursi nggo njagong tamu mulane tamu sing dhahar kembul utawa mangan-mangan padha ngadheg. Sing ngadheg kandhang kala akeh pendidik, pejabat .... malah kyai, mula ana komentar kiye sing jenenge “Pesta Jaran”. Ya sebabe mangan lan medang padha ngadheg kambi crita muncu-muncu jeremonge kaya jaran.
Mula tamu undangan sing kebeneran profisine guru utawa kyai kudu ngati-ati aja cokan mangan kambi ngadheg mbokan kewenangan muride utawa santrine. Akeh brayat sing pilih ora mangan lan terus bali angger nang nggon pesta ora nana kursi lan jagongan....mbok dewada kaya “jaran”.
Kiye crita sejen maning, angger ana brayat nang ndesa nggelar pesta mbaranggawe ngosi telung dina...lha ana sing mada lan aruh-aruh ”Kae mbaranggawe apa adhol rames”, deneng pestane ngosi telung dina malah ana sing punjul. Mula mbuh nang ndesa utawa nang kota, angger mantu, ngundhuh mantu utawa nyunati mbokya sing prasaja bae sing penting sah ijab kabule lan bocah sing desunat slamet waras, ora prelu ngobral dunya brana apamaning angger biayane anu goli utang ngalor ngidul.
Wong kondangan uga kudu ngati-ati, akeh crita lamonan amplop sing degawa lan dilebokna nang kotak sumbangan sering keliru (saking akehe kondangan), ana sing nglebokna amplop kosong, ana sing keliru nglebokna struk gaji, ana maning keliru kambi layang gadhen lan liyane sing duwe umah (sing mbaranggawe) bingung angger agi mbukak kotak, sing keliru nglebokna layang gadhen uga bingung ... kepeksane kongkonan bocah kon “nebus” layang kuwe kambi amplop beneran sing isi duwit lan njaluk pangapura.
Mbaranggawe jaman siki aja duwe angen-angen ngarah “bathi” utawa lewihan, balik modal bae wis untung ... lha umumeangger enthong sepuluh juta perak ... balen (sumbang) kur separone. Mula angger niat pesta ya ... aja ngarep-ngarep bali modal ... jenenge bae slametan lan niate syukuran, aja pisan-pisan ngayawara bathi.
Bab acara pernikahan ana bae omongan, kae pranata acarane (MC) asli Banyumas koh ngomonge lan komandone kambi basa Solo utawa Jogya, akeh ukara lan tembung “wetanan” sing mbigungi kaya “Kulo sumanggakaken sedoyo poro rawuh kembul bujono ondrowino” ... jeremonge sing demangsud “Para rawuh mangga kula aturi dhahar sareng-sareng”. Mula mbokyaha para pranata acara aja nemen-nemen nganggo basa wetanan sing jane bisa kambi basa Banyumasan lan angger debesut sing maen ora kalah “adhiluhunge” kambi basa Solo utawa Jogyakarta.
Sing ular-ular pidhato utawa sambutan uga nganggo basa Banyumsan bae, angger kulina lan prigel olah wicara malah lewih “nges” lan Mbayumasi angger pranata acara lan sambutan-sambutan kambi basa Banyumasan. Jajal mulai siki delakoni bareng-bareng. Klilan (05)
Anggitane Bambang S Purwoko
Sumber Foto
0 comments :
Post a Comment
Kesuwun rawuh lan komentaripun, Sedulur...