INYONG sekanca batir sekang tlatah Purwanegara rikala taun 1960-an angger pas dina bada riyaya mesti plesiran maring Wanasaba nunggang sepur kluthuk jurusan Purakerta Wanasaba, taun 1966 - 1970 sekolah nang kota Banjarnegara, ana sing nang SMEA (SMK), SPG (siki bubar) uga ST lan SMP mangkat sekolahe uga nunggang sepur. Rikala jaman gemiyen suasana esih rekasa sing duwe pit lan pit montor kena deetung, kayanee sedesa gur siji loro sing teyeng tuku...
Thursday, 29 October 2015
Warga Banyumas Gole Berjuang tekan Magelang

PITUNG puluh taun kepungkur, tepate antarane tanggal 31 Oktoner gutul 3 Nopember, para pejuang Banyumas melu Pertempuran Magelang. Pusat tentara Jawa Tengah kawit zaman Landa gutul Jepang pancen nang Kota Magelang.
Tanggal 26 Oktober 1945, tentara Sekutu mlebu Jawa Tengah karo nggawa NICA sing ora liya warga / tentara Landa. Kekuatan tentara Sekutu jan-jane mung sebatalyon plus, ana bantuan artileri, kavaleri, Zeni karo AU.
Tugas...
Friday, 23 October 2015
Nyekolahna SK Pegawai lan Pensiunan

MENUNGSA nang alam donya anane mung sawang sinawang, akeh brayat sing nggambarna pegawe negri ekonomine beres sebabe olih gajih wulanan malah ana gajih 13 lan kasil liyane. Lha .... angger wis mangsane pansiun jeremonge wong nganggur debayar senajan ora genep kaya dhong esih aktip dadi PNS. Ningen angger detlisik sing terwaca, akeh pegawai uga pensiunan uripe kerangla sebab akeh tanggungane kaya nyekolahna bocah, ana sing kudu nguliahna, nicil...
Telung Taun Sedane Dhalang Gino
NYONG tau manggon nang Notog taun 1972-1975 rikala SD kelas 1-4. Kaya bocah sepantaran, nyong uga seneng nonton wayang ngasi ngebyar. Dhalang idolane padha kaya kanca-kanca ya kuwe Dhalang Gino.
Wektu semana Dhalang Gino wis kondhang. Tanggapane butul Jakarta, palah butul Sumatra lan Kalimantan. Senajan kondhang soten angger ditanggap tangga cedhek ora nolak. Buktine, nyong tau nonton pas ditanggap Mbah Guru Sum daleme...
Lesung
Kayane bocah jaman siki, mligine bocah kota, apa maning kota gedhe kuwe padha ora ngerti apa sing desebut lesung kuwe. Blakan bae kaya inyong kiye ya ora teyeng angger kon njlentrehna apa kuwe lesung, tapi angger weruh barange utawa gambare ya ngerti lamona kuwe sing dejenengi lesung utawa iya kuwe gambar lesung.
Seweruh inyong, lesung kuwe kaya kothak kayu sing degawe sekang kayu segluntung wutuh, dawane watara 2 meter lan garis tengah utawa...
Wednesday, 14 October 2015
R Soemandar, Sodagar Kuna Klampok Banjarnegara
SEDURUNGE Indonesia merdika, Kota Kudus duwe Nitisemito sodagar rokok. Semarang duwe Tasripin juragan batik. Purbalingga tau duwe sodagar Turni. Klampok Banjarnegara duwe R Soemandar, sodagar pemasok kebutuhan Pabrik Gula.
Siki nguna babagan R Soemandar, peyayi Klampok weton Purwokerto, Kakange garwane R Ibrahim Poerwadibrata Asisten Wedana (Camat) Kebumen (siki Kec. Baturaden). Panjenengane uga Bapak angkat lan Pak Gedhene R Soetedja, komponis legendaris Indonesia asli Banyumas. Panjengane sing paring biola Stradivarius kanggo R Soetedja,...
Pejabat Walimusa, Tua nang Gili Lemu nang Desa

Pejabat siki kaya Camat, Bupati, Gubernur tekan Presiden kudu sering turun maring tlatah wewengkone, malah Presiden Jokowi nyontoni mirsani kahanan sing kewentar kambi “Blusukan”, ya pengerten blusukan kuwe ngambah panggonan sing cebrik, kotor lan arang deambah wong. Mula ora aneh angger kerja blusukan kuwe biasane nang pemukiman kumuh nggone wong sengsara utawa arang detekani pejabat utawa aparat. Blusukan uga nggo nlisik kahanan sebenere ora...
Tradisi Suran nang Banyumas
NGRAYAKAKEN Suran utawa wulan Muharram nang tlatah Banyumas pirang-pirang acara sing digelar. Jere asale sekang tembung wulan Asyura (Hijriah) sing banjutan katelah Sura ( kalender jawa). Jan-jane sing bener pengetan tau anyar Hijriah/ Jawa.
Biasane depengeti kanthi sukuran bareng nang dalan desa. Masarakat padha nggawa panganan sing biasane diwadhahi takir, besok apa tenong. Banjutan masrakat padha ijol-ijlan panganan. Mulane ana bae wong...
Penganten Rungal
NENG adat Jawa, klebu neng tlatah Banyumas, acara pengantenan utawa nikahan kuwe ora mung dadi urusane bocah loro si calon penganten, ningen uga dadi urusane wong tuwane si calon penganten sekloron lan uga dadi urusan rong brayat, ya kuwe brayat keluwarga penganten lanang karo brayate keluwarga penganten wadon. Lan uga dadi urusan masarakat sekubenge karo kanca-batire kabeh. Mulane neng acara pengantenan kuwe kabeh sedulur tangga-teparo karo kabeh...
Tuesday, 13 October 2015
BENTHIK
Dolanan Bocah sing Ngemu Piwulang Werna-werna
CARA jaman sikine, gole ngarani jere benthik kuwe klebu dolanan sing murah meriah. Lha ora arep darani ora meriah kepriwe wong sing dolanan benthik kuwe ora trima mung bocah loro, bisa nganti bocah sepuluh sing debagi dadi rong regu. Pancen jaman gemiyen kena darani ora ana dolanan sing nggo dhewekan, paling ora ya bocah loro, ora kaya dolanane bocah jaman sekiye, nggesruk dhewekan neng senthong....
Monday, 12 October 2015
Naker Kebanyumasan Wong Banyumasan
WONG Banyumasan ya kuwe, wong sing wis suwe urip neng tlatah Barlingmascakeb (Banjarnegara, Purbalingga, Banyumas, Cilacap, Kebumen lan sekubengane). Wong sing wong tuane sekang Barlingmascakeb, ningen netep neng njaba tlatah Barlingmascakeb seperlu nggolet upa lan esih ngugemi tata cara Banyumasan. Wong Banyumasan sing babar pisan ora tau bali maring asal tanah leluhure, sing wis pitung turunan urip neng tatar kabudhayan Pasundan (Serang,...
Kudhi Gamane Wong Banyumas
Inyong egin kelingan. Jaman gemiyen, dhong inyong egin dadi bocah detukokna dolanan kudhi cilik. Kudhi cilik dudu kudhi-kudhian. Kudhi cilik kuwe ya pancen kudhi sing degawe sekang wesi, angger deasah ya kena nggo nyacag, tapi angger kudhi-kudhian kuwe barang dudu kudhi tapi wujude memper kudhi, bisa degawe sekang kayu, kaya kudhine Bawor neng wayang wong.Kanggone wong desa, kudhi kuwe dudu barang aneh, wong neng dsa ya egin gampang nemoni wong...
Mayuh Nglestarekna Seni Begalan
BEGALAN kanggone wong Banyumas, pancen meh padha karo kabudayan ruwatan nanggap wayang kulit, tegese kanggo nulak bala. Jaman gemiyen, dalang-dalang begalan sifate kaya mistis. Nanging kemajuan jaman, seni begalan kang wis dadi tradisi, wis pada karo tanggapan kesenian.Kaya sing wis delakoni nang Pujiastuti karo Aziz Priyantoro wong nang tlatah Buntu Banyumas. Durung suwe wingi wong loro kuwe wis ijab kabul bebojoan.Tri Daya Kartika (68) umahe...
Maneges Banyumas Extravaganza
Banyumas Extravaganza senajan ana kekurangane, soten kelewiane akeh ora petung. Angger inyong ora keliru, tau maca pangendikan Pak Ahmad Husen neng Koran lokal Purwokerto sing kebabar neng wulan April 2014: “Banyumas Extravaganza dadi kalender kagiatan taunan nggo ningkatna jumlah kunjungan wisata maring Kabupaten Banyumas.” Merga kiye pangendikane peyayi sig paling agung neng Kabupaten Banyumas, pangendikane dadi ngemu teges jero. Angger kemutan maring pangendikane, rasane dadi kayong kegawa kelu, hehehehe...Tumrape inyong,...
Wangunan Umah Adat Jawa
JAMAN gemiyen neng Negara Barat ana teori arsitektur sing ngomonga form follow function sing maksude lamona wujud wangunan/umah kuwe ngetutna maring kagunan utawa manfangat wangunan umah kuwe. Wangunan nggo toko kuwe kudu beda karo wangunan nggo pasar. Wangunan nggo kantor kuwe beda karo wangunan restoran. Semana uga wangunan nggo losmen kuwe beda karo wangunan nggo pomahan biasa.Kejaba kuwe, wangunan umah kuwe beda-beda gemantung sekang...
Aja Gawe Gegoh Dina Laire Banyumas

SABEN agep mengeti dina laire Kabupaten Banyumas tanggal 6 April akeh penemu, usul lan upaya njabel Perda sing dadi kekancingan laire Kabupaten Banyumas. Kuwe .... sah-sah bae, ningen aja ngosi gawe bingung warga masyarakat sing wis selawe taun nganakna pengetan dina laire Banyumas saben 6 April, pengetan taun kiye (2015) wis ngancik pengetan sing kaping 433, jeremonge panitia pengetan lan biaya uga acarane wis desusun dening panitia tingkat Kabupaten.Nggo...
Dopokane Blarak, Bluluk, Bleketepe lan Blokeng

MENUNGSA sing urip nang alam donya kudu titen maring sasmita, sanepa, perlambang lan kawruh bab alam seisine klebu wit-witan, kewan, gunung, segara, langit lan bumi. Kiye ana crita bab wit klapa....ya wit klapa sing thukul nang endhi bae nang kota utawa ndesa. Ningen urung akeh wong sing ngerti istimewane wit klapa, ana perangan-perangan sing dadi sanepa lan ora saben wit kaya klapa kiye.Jajal mayuh depetani perangan-perangan kuwe, angger klapa...
Kota Lawas Dadi Kecamatan Wisata Budhaya
SETAUN kepungkur, Dinas Pemuda Olah Raga
Kebudayaan dan Pariwisata (Dinporabudpar) arep nambah siji maning lokawisata anyar. Kota Lawas Banyumas neng taun 2015 arep debukak dadi Kecamatan Wisata Budhaya.
Kota Lawas Banyumas arep detawakaken dadi pusat budhaya Banyumas tempo dulu. Pusat wisata kota lawas kuwe neng sekubenge Pendapa (duplikat) Si Panji Kecamatan Banyumas karo alun-alun kota lawas.Jere ahli Tata Kota Ir Soenardi MT sing katelah...
Friday, 9 October 2015
Sastra Banyumasan Pancen Maen

SEDAYA kanca-batir, utawane para pinter teng pundi mawon mligine teng tlatah Banyumas, menawi kita sami purun nggoseki basa banyumasan, niku jane isine nggih kumplit pepek-ngupek. Ingkang kula kajengaken pepek-ngupek, isine mboten kawon kaliyan basa jawa,ingkang asring desebat “basa jawa standar”. Niku basa jawa sing seni kene dewucalaken teng sekolahan-sekolahan.Lah saniki kenging napa basa jawa Banyumasan, dereng dados basa jawa standhar teng...
Lakone Pegawe Blekethir, Ketara, Ketarik…Ketriwal

JAMAN wis merdhika ora nana maning menungsa kerangla, kabeh wis ngrasakna keadilan, kudune ora nana uga wong sing ngethiplakna siji lan sijine. Pamong praja uga adil maring bawahane, pimpinan perusahaan uga kudhu temindak adil maring buruh lan pegawene, juragan, mandhor, pengusaha lan sing kejibah dadi majikan aja sewenang-wenang...Sering ana kedadean nang pomahan, akeh pembantu utawa rewang sing deaniaya, raine disretika, desiram...
Cukuran Bocah Rambut Gembel
ABEN taun nang Banjarnegara ana tradisi sing dadi burone wartawan, tukang poto, karo tukang dolan. Yakui tradisi cukuran bocah-bocah sing rambute gembel. Udu gembel gara-gara ora tau adus ningen jerene anu kenang sibat titisane kyai Kolodete. Nah nang tahun siki, acara cukuran kue garep dianakna nang wulan Agustus ngesuk nang Dieng. Jerene pemrentah acara cukuran kue didadekna tutugane Dieng Culture Festival sing wis demulai tau 2010 mbien....
Basa Sastra Pedinan Banyumasan

BASA sastra wujud parikan; wangsalan. Mandan asring dipun ucapaken, teng tamu ingkang sampan pamit lajeng wangsul malih. Parikane kaya niki: ”Tawon kemit,entupe kuning,uwis pamit balik maning”. Deneng entupe sing kuning, mboten sanese. Ngge parikan, entupe nggih kenging sing kuning.
Mengkin, angger cengele,ketingale mboten patut.onten cengel tawon. Biasane kula mireng saderenge entup. De tliti temen. Namine parikan degentos nggih kengingmawon,manut...
Togele Tutup Apa Bandare Slulup?

PLEKARA
togel
nang Banyumas wis marak kawit taun 1970-an. Togel sing puterane nang Cilacap
kodene TP (Tjilatjap), sing muter nang Tegal kodene TG (Tegal). Wong bisa bae
tuku nomer kode TP ningen metune nang TG utawa sebalike.
Jaman semana bandare ana neng daerah
Pasar Wage. Pasangan sepuluh perak olihe pitung atus (tikel pitung puluh). Bosa
tambah rame olihe malah dadi medhun mung tikel 65 apa malah 60. Angger telung
nomer malah mung ping 350.
Wektu...