METAMORFOSA

Harian Banyumas pada usia 2 tahun (atas), dan penampilan banner pada usia 3 tahun.

Friday, 13 November 2015

Parikan Banyumasan

PARIKAN  niku isine meh sami kaliyan wangsalan.Nggih niku wonten pangunek-uneke. Bentenipun pangunek-unek teng parikan gampil dipun ngertosi. Menawi wangsalan madosi pangunek-unek Mandan mikir semendhing. Margi wangsalan wonten capeyan, wonten bedhekan,ugi mboten deblakakena. Parikan teng Banyumasan utawi parikan Banyumasan kathahe isinipun mambu-mambu prenes. Saged ugi prenes. Niki contone: Andheng- andheng neng ngiso lambe Aja mandeng ana sing duwe. Pangunek-uneke : Saged ugi tiyang niku ngelingaken. Napa niku tiyang jaler, napa tiyang...

Thursday, 5 November 2015

Aja Kelalen Basane Dhewek

ORA kaya biasane, bubar sholat Subuh Blokeng durung metu sekang senthong. Mangkane biasane angger arep mangkat sekolah, mbukaki kekeb nggolet panganan sing kena deplok. Ningen esuk kuwe, awit uput-uput, wis sinau ndrememel. Gole ngapalaken seru pisan kaya wong lagi pidato: “Pegawe padha rapat jenenge meeting. Esuk-esuk padha kandhahan arane coffee morning. Pejabat nampa rakyate, sebutane open house...” Banget ruwinge, biyunge banjutan ndhodhog...

Sastra Lesan nggo Sarana Ngritik

KIYE mligine para seniman , utawa budhawan, kena nggo nambah , utawa nemokena inspirasi. Dadi srana nambah daya –cipta. Angger nang pedhalangan daya-cipta, sering dearani “ sanggit “. Dhalang sugih sanggit ora kurang lakon.Ora bingung ngadepi swasana, utawa kahanan. Umpane mayang meng daerah Kauman, sanggite bedha karo mayang nag daerah pasar. Kaya kuwe sebanjure. Urung ngadepi penayagane sanggite dhalang sing kudu ngukur kemampuan penayagan....

Bung Karno Tau Disuguhi Dhawet Ayu Banjarnegara

RIKALA tahun 1950-an kota Banjarnegara misuwur olih jeneng “Kota Buntil”, Presiden Soekarno wektu nganakna kunjungan maring Banjarnegara uga sesuguh buntil lan mujudaken suguhan utama seliane dhawet ayu sekang desa Rejasa, suguhan utama nggo nyuguh Presiden ndadekna panganan lan inuman wujud buntil kambi dhawet kewentar. Siki sing jenenge dhawet ayu Banjarnagera njeprah nang tlatah Banyumas, Purbalingga, Kebumen, Cilacap lan kota gedhe liyane,...

Thursday, 29 October 2015

Sepur Jurusan Purwakerta - Wanasaba Agep Urip Maning?

INYONG sekanca batir sekang tlatah Purwanegara rikala taun 1960-an angger pas dina bada riyaya mesti plesiran maring Wanasaba nunggang sepur kluthuk jurusan Purakerta Wanasaba, taun 1966 - 1970 sekolah nang kota Banjarnegara, ana sing nang SMEA (SMK), SPG (siki bubar) uga ST lan SMP mangkat sekolahe uga nunggang sepur. Rikala jaman gemiyen suasana esih rekasa sing duwe pit lan pit montor kena deetung, kayanee sedesa gur siji loro sing teyeng tuku...

Warga Banyumas Gole Berjuang tekan Magelang

PITUNG puluh  taun kepungkur, tepate antarane tanggal 31 Oktoner gutul 3 Nopember, para pejuang Banyumas melu Pertempuran Magelang. Pusat tentara  Jawa Tengah kawit zaman Landa gutul Jepang pancen nang Kota Magelang. Tanggal 26 Oktober 1945, tentara Sekutu mlebu Jawa Tengah karo nggawa NICA sing ora liya warga / tentara Landa.  Kekuatan tentara Sekutu jan-jane mung sebatalyon plus, ana bantuan artileri, kavaleri, Zeni karo AU. Tugas...

Friday, 23 October 2015

Nyekolahna SK Pegawai lan Pensiunan

MENUNGSA nang alam donya anane mung sawang sinawang, akeh brayat sing nggambarna pegawe negri ekonomine beres sebabe olih gajih wulanan malah ana gajih 13 lan kasil liyane. Lha .... angger wis mangsane pansiun jeremonge wong nganggur debayar senajan ora genep kaya dhong esih aktip dadi PNS. Ningen angger detlisik sing terwaca, akeh pegawai uga pensiunan uripe kerangla sebab akeh tanggungane kaya nyekolahna bocah, ana sing kudu nguliahna, nicil...