
BLAKA baen, inyong dhong kuliah gemiyen kuwe ora lancar kaya dhongsekolah neng SR, SMP utawane neng SMA. Pokoke wektune lawas lah. Angger detakoni neng wong-wong, klebu neng ramane dhewek semaure ya gampang baen: “Lha sing kepengin mlebu neng Gajah Mada be akeh pisan tur padha kangelen koh sing wis neng jero kon cepet-cepet metu”.
Tapi alasan sing sebenere si udu kuwe, merga inyong kepengin nggolet pengalaman plesiran sing ora biaya dhewek...